awakmu
dudu artis, dudu pesinetron
dudu
bintang film
sing
byar saben esuk gawe gandem
kanggo
sing ora cekel gawe saben dinane
awakmu
mung menungsa lumrah
kepengin
obah
yen
rambut wis wiwit putih,
ayo
pikiran ndang ngalih
geber
ndonya mung kari sak pada
dadi
cupet kanggo ngisi crita
yen
kulit gulumu pating njekethut
ayo
cancut
sak
renteng emas simpenanmu mbok titipake sapa
yen
ujug-ujug ambeganmu pamit lunga
Tidak ada komentar:
Posting Komentar