Raden Gathutkaca
|
Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg
penggalihipun awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel.
Senajan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang kondhang
landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden
Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati
inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang Pandhawa.
Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden
Harjuna kinen ngampil sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan
Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna lajeng bidhal dhateng khayangan
Jonggringsaloka. Raden Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng
maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung
rumiyin. Raden Harjuna enggal-enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun Raden
Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata
Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging Raden Suryaputra boten
angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta
saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur
dhateng kasatriyan Jhodipati.
Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna.
Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun
kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara.
“Dimas Sena, aja cilik atimu Yayi! Kersaning dewa pancen kudu ngono kuwi, najan
iku mung wujud warangka, nanging bias mrantasi. Mara age tamakna menyang
pusering putramu Yayi! Sing waspada ya Dhi!”
Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara
Boten tidha-tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi.
Sanalika puser pedhot, ari- ari musna, nanging warangka sirna manjing ing
pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng ngendika, “Jlitheng
Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe,
heeee!”
Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi,
boten badhe kekilapan dhateng sadaya lelampahan. Pangandikanipun alon. “Sareh,
sareh Yayi! Pun kakang ora maido menawa sliramu padha bingung lan kodheng. Coba
padha mirangna kandhaku ya, Dhi! Lelakon iki pancen wis dadi kersaning Jawata.
Wis ginaris Manawa warangka iku kudu musna manjing ing pusering putramu,
sartaiku dadi sifat kandele. Nanging wanti- wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbisuk
lamun ana curiga ngupadi warangka, si Adhi kudu waspada, putramu singitna ya,
Dhi!”
Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah
kadang Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang
jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara-gara punika. Saking
kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan
jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi
malih dados satriya bagus sekti mandraguna.
Ing salajenganipun Raden Gathutkaca
dipunminta sraya dening Jawata, kinen numpes parangmuka saking praja Maimantaka
ingkang dipunpandhegani prabu Kala Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya
ngobrak-abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun.
Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene
wedyabalanipun sami bubar mawur.
Sesampunipun purna dados srayaning
Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati,
kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah
Dewi Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami suka-
suka lajeng bojana andrawina.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar