Senin, 15 Desember 2014

GETHEK LAN PRAU

Gethek pring, miring-miring keli ing kali
Natap padhas, kecanthol carang
Isih tetep keli tumuju bengawan
Angger ora putung satange
Prau cilik ing bengawan umrek
Munyer munyer ing ulekan kedhung
Isih tetep kentir tumuju segara
Angger pinter pangobeke
Prau gedhe lelayar ing samudra gung
Kasempyok ombak, kabuncang alun
Lamun nakodha trengginas lan tatag
Bakal labuh ing pesisir tau kentir
Gethek pring, prau cilik, prau gedhe
Ing kali, ing bengawan lan samudra
Kampul-kampul kaya arep kadelep
Lamun ora nggoling ora klelep
Isih ana dina pangarep-arep
Silire angin, obahing banyu nyempyok
Mung sedhela enggal sirna
Pan mangkono lakune baita panguripan

Kudu tatag, teteg, tangguh tanggon lan iman


Tidak ada komentar:

Posting Komentar