
Getun kuwi pancen panggone ana mburi. Yen ana
ngarep jenenge dudu getun. Samubarang kang wis kebacut, ora ana gunane kanggo
digetu-ni. Arepa ditangisi kaya apa tetep ora bisa mbalekake kahanan kaya wingi
uni. Barang kang digetuni kudu didadekake kaca benggala. Saora-orane bisa
kanggo ngilo amrih kadadeyan kawuri ora dibaleni maneh ing dina candhake.
Awan kuwi
sakehe mahasiswa padha ngebaki prin-prinan kang manggon ana pojokan prapatan
gang siji. Tujuwane ora liya mung ngeprin skripsine dhewe-dhewe. Yen ana sing
kurang pener bisa diedit ana kono. Firda, salah sijine mahasiswi jurusan
pendhidhikan basa lan sastra Jawa rada gupuh anggone nata halaman skripsine.
Kamangka saka kos-kosan wis ditata kanthi bener lan manut saka prentah buku
pedhoman. Ora ngertine tekan prin-prinan isih ana sing kurang pener.
“Wis ta Da, sing mbokgetuni ki apa?
Iki kesempatan terakhir aja mbokjarne wae. Pokoke Oktober awake dhewe kudu bisa
wisudha,” kandhane Kiki nyoba ngyakinake Firda.
“Iya ancene salahku dhewe. Ora ket
biyen-biyene skripsi iki dakcandhak. Bareng wis mepet arep yudhisium lagi kedandapan,”
semaure Firda nggetuni lelakone.
“Hlo, pancet digetuni maneh. Ora
bisa Juni kan isih bisa Oktober ta wisudhane?” sepisan maneh Kiki ngandhani.
Pancen yen wis getun kuwi lagi
krasa salahe. Firda nggetuni wektune kang sasuwene iki mung digunakake kanggo
dolan-dolan wae. Kuwajibane kanggo ngrampungake skripsi ora ditindakake.
Kamangka kanca-kancane padha sengkud anggone nggarap skripsi. Yen Firda
dielingake kancane, wangsulane mung mengko dhisik. Ora mokal yen wisudhane uga
mengko dhisik kang ateges mundur, ora bareng-bareng kancane ing sasi Juni.
Saliyane
wisudhane mundur, Firda uga kepeksa ora bisa mulang kaya kanca-kancane kang
wis oleh panggonan. Ing pertengahan sasi Juli, taun ajaran anyar wis diwiwiti.
Kamangka ing dinane kuwi guru basa Jawa kang linier akeh sing
mbutuhake, jalaran kudu nyalarasake karo kurikulum anyar yaiku piwulangan
basa Jawa wajib diwulangake wiwit SD nganti SMA utawa SMK.
Nalika kanca-kancane padha ubet
nglebokake lamaran, Firda babar pisan ora maelu, kepara malah ayem-ayem atine.
Mula bareng wektune wis mepet, dheweke lagi bingung.
Sakjane
ngono perkarane mung sepele. Ing pungkasane sasi Januari kepungkur, antarane
Firda lan Rendra, kanca atine kang kuliyah ana ing Bandung pedhot
sesambungane. Adohe jarak lan ora anane wektu kanggo sesambungan kuwi kang dadi
jalarane. Kanggone Firda, pedhote sesambungane kuwi ndadekake samubarang kang
diadhepi uga melu buyar, klebu kuwajibane ngrampungake skripsine. Ingatase
lagi konsentrasi nggarap skripsi la kok ketaton atine. Ya
perkara iki kang dianggep dadi jalarane ora bisa tenanan anggone nggarap
skripsi.
“Saiki sing penting skripsimu wis
dijilid dhisik, Da. Masalah Rendra ora usah dipikir maneh. Wis ora jamane
maneh gara-gara putus trus dadi nglokro. Ora ana gunane Da. Sing ana malah rugi
kanggo awakmu dhewe. Ya ta?”
“Iya Ki, matur nuwun banget ya. Sasuwene
iki wis mbokewangi. Yen awakmu ora nerusake S2 neng kene, aku bingung kudu
njaluk tulung sapa…” atur panuwune Firda.
“Halah, kanca ki endi sing ana Da.
Pikiren skripsimu dhisik. Iki nguber wektu lo. Durung mengko nyuwun tandha
tangan dhekan barang. Mengko yen wis rampung urusane kabeh, ndang nyoba gawe
lamaran, sapa ngerti isih ana sekolahan kang bisa nampa. Jalaran butuhe guru
basa Jawa wektu iki akeh banget lo.”
Ora krasa, wektu wis nyandhak ing
sasi Oktober. Ing tanggal sewelas, dinane Setu, Firda wis kasil winisudha, lan
ing jenenge ketambahan gelar sarjana pendhidhikan. Kabeh kang diwisudha ing
wektu kasebut padha sumringah lan ngatonake kabungahane. Beda karo Firda,
senajan ing njabane bisa mesem, nanging ing njero batine tetep ora bisa mesem.
Dheweke isih keduwung nggetuni tumindake ing wektu kepungkur. Nganti tumekane
wisudha uga durung ana asile saka lamaran kang dilebokake. Ing pangajabe,
anggone nglebokake lamaran ing sekolahan-sekolahan sawetara sasi kepungkur
bisoa keceluk.
Angen-angene sakawit kang nalika
diwisudha bisa ditekani Rendra uga ora kelakon. Katresnane pedhot ing tengah
dalan. Semono uga rencanane arep mulang ing sekolahan uga durung kelakon.
Kagawa saka lara atine ndadekake samubarang kang wis dirancang dadi buyar mung
gara-gara perkara kang sepele. Yen wis getun, Firda banjur bisa apa? Sapungkure
saka winisudha, atine tetep durung bisa legawa nampa kahanan kang lagi dialami
kuwi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar