Jumat, 26 Desember 2014

TUGAS SAKA PAK DHOSEN

Wiwit mlebu kuliyah sepisanan, aku wis kesengsem karo sawiji­ning cewek kanca sakelasku. Jenenge Eva, saka Lamongan. Meneng-meneng aku pancen kerep ngga­tekake dheweke. Sapari polahe ing kelas aku mesthi ngerti. Apa maneh yen wayahe presentasi ing ngarep, bebasan kedhep wae wis ora kober.

Anggonku mendhem rasa iki ora ana kang ngerti. Kancaku cedhak wae uga ora dakcritani. Kuwatirku yen nganti aku crita mesthi kabeh padha ngerti. Aku pe­ngin cedhak dhewe karo dheweke tanpa mak comblang saka kanca-kanca. Mesthi wae aku rumangsa bingung, isin, lan wedi kanggo miwiti kabeh kuwi. Jalaran kanggo nindakake kabeh kuwi kanggoku ora gampang, butuh kuwanenan kang cukup.

Ewa semana akeh banget kang nye­dhaki Eva. Wiwit saka Riangga kanca nunggal kelas, nganti Widharma kanca beda kelas. Kabeh kuwi ora ana kang ka­sil ngepek atine Eva. Nganti wektu ku­liyah wis nyedhaki pungkasaning semester, aku isih durung bisa nindakake apa kang dakkarepake. Senajan sesambu­ngan­ku klawan dheweke lumaku apik, nanging kuwi mung winates kekancan wae. Saka tumindakku uga ora ngaton­ake yen sejatine aku seneng marang Eva. Ndilalah nalika ana prentah saka pak Karman supaya ngumpulake tugas akhir sacara kelompok, aku sakelompok karo Deni, Sukma lan Eva. Rasane kaya ngimpi wae.

“Eh, Rek, iki yen sumbere buku mung sing biyasane kanggo kuliyah, dakrasa isih kurang,” kandhane Eva miwiti pi­rembugan.

“Bener kuwi Va. Becike golek wacan menyang perpus. Yen isih kurang meng­ko neng jalan Semarang pa Blauran ae. Jarene murah-murah,” semaure Deni nam­bahi panemu.

“Ngono ya kenek,” Sukma melu mangsuli.

Saka pirembugan kelompok ya mung aku wae kang ora nduwe suwara. Kabeh padha medharake panguneg-unege. Rasane pancen aneh yen wis cedhak karo Eva, rasane mung blangkemen wae. Bi­sa diarani wis salting utawa salah ting­kahdhisik. Omong saomong kudu ngati-ati, wedi yen kliru. Yen jare pakar psiko­logi, apa kang dakrasakake ngene iki kle­bu rasa jaim, jaga image.

Sesuke nalika arep budhal menyang perpustakaan, ndilalah si Sukma ndadak njaluk digoncengake Deni. Gelem ora ge­lem aku kudu nggonceng Eva. Antarane se­neng len ndhredheg mula campur dadi siji. Ora ana ukara kang kawetu saka lam­beku sadawane dalan kampus me­nyang perpustakaan. Bareng wis tekan perpustakaan wusanane dadi getun. Ge­neya ana kalodhangan ora dakgunakake samesthine. Tujune nalika golek buku ing jalan Semarang lan Blauran, aku wiwit ngajak ngomong.

Nanging apa kang dakrasakake kuwi ora bisa suwe. Bebasan winih dhele kang lagi thukul wis kesempar angin lesus. Na­lika lagi cangkrukan ing warkop Do­remi, akeh crita sing dakrungu saka Yoga lan Danang. Kanthi ora sengaja, salah sijine nyritakake ngenani Eva. Manut cri­tane, Eva kuwi wis nduwe pacar ing omahe kana. Malah kawit SMA. Mula ku­wi salah sijine sing dadi alasan dheweke ora bisa nampa tresnane Widharma lan Riangga.

“Wah, yen ngono berarti dudu jo­dho­ne. Tapi sasu­wene iki kok aku ora tau ngerti ya?” mangkono tang­gepanku ke­pengin ngerti luwih jero.

Sawise krungu kabar kuwi aku banjur takok-takok menyang bocah-bocah liyane. Wangsulane uga padha karo kang diomongake Yoga. Arep takok langsung me­nyang Eva rasane mokal banget. Ati wis semplah kela­ngan pangarep-arep. Tujune wae anggonku takok-takok mau ora ngundang sujananing bocah-bocah. Tegese anggonku mendhem rasa suwe­ne sasemester iki ora ana kang ngerteni.

“Va, tugase rak dikumpulne pas UAS ta?” ngono pitakonku.
Sabanjure kuwi aku klawan dheweke tansaya akrab. Saben wayah nggarap tu­gas kelompok mesthi dakkoberake takon utawa dhiskusi. Tugas-tugas saka dhosen kuwi suwene suwe njalari se­sam­bu­nganku klawan dheweke tansaya raket. Atiku tansaya manteb ndadekake Eva minangka kanca ati.

Mbarengi lumakune wektu nganti tu­mekane liburan semester, sesambu­ngan­ku klawan Eva saya suwe saya adoh. Kaya adohe Ponorogo Lamongan. Ya krana tugas saka dhosen aku bisa cedhak klawan dheweke senajan mung saumure jagung. Kadadeyan kang nganti aku meh lulus kuliyah iki ora ana kang ngerteni, klebu Eva dhewe. Lan kabar ngenani Eva kuwi pancen bener. Muga-muga ana kancaku kang maca crita iki. Sokur-sokur yen Eva uga maca.



GENG CUMI

"Kowe kepengin mlebu dadi Geng Cumi?” pitakone Reno marang Gading.
Gading  manthuk-manthuk kanthi gemeteran. Telung pasang mata sing lan­dhep-landhep padha ngingeti marang Ga­ding. Reno, Agus lan Bayu sing ndu­weni mripat landhep kuwi mesem ngece. Rasane gudhang mburi sekolah kuwi sa­ya pengap. Gading angel anggone am­began.
“Nanging ana sawijining syarat sing kudu kok lakoni.”
“S-s-syarat apa kuwi?” pitakone Ga­ding kanthi glagepan. Awake kemringet, ndhredheg.
Reno menehi tandha marang Agus. Agus banjur ngetokake botol beling sing isi banyu werna bening kari separo.
“Kowe kudu ngombe banyu setan iki,” Reno mesem meneh.
Gading saya gemeteran. Bingung kudu piye.
***
Geng Cumi iku geng sing paling ke­suwur ing SMA Bina Nusantara. Geng sing dipimpin Reno, pawakane gedhe dhuwur lan nduweni rambut njeprak, per­sis kaya wulu landhak. Anggotane ana Agus sing pawakane kuru lan dhu­wur, wajahe sangar, kulite rada ireng. Anggota sijine meneh, Bayu. Pawakane rada lemu, nanging kulite putih kaya Reno.
Geng Cumi kesuwur bandhel. Ora ana sing wani karo Geng Cumi. Pokoke paling disungkani. Apa maneh Reno kuwi putune sing nduweni yayasan sekolah SMA Bina Nusantara. Pokoke wis dadi kaya penguwasa.
Nanging Reno ora bodho kaya bala loro liyane. Reno tetep kelebu peringkat lima paling dhuwur ing kelase. Mulane guru-guru ya padha sungkan marang Re­no, klebu eyange dhewe sing nduweni yayasan kuwi. Reno uga salah sijine putu sing paling disayangi.
Gading iku uga kerep dadi juara kelas ing kelase. Menganggo kaca mripat sing wis kandel. Mripate wis minus papat. Na­nging bocahe lugu lan menengan. Pa­wakaneculun. Mula ajeg digawe kalah-kalahan dening kanca-kancane.
Gading ora tau gawe gara-gara ing sekolahan. Mula kabeh guru padha se­neng marang Gading. Sabenere bocahe nggantheng, kulite putih lan irunge mba­ngir. Nanging modhel rambute wae sing ora modern. Biasane disisir tengah lan katon klimis. Ora pantes karo wajahe.
Gading kepengin ngrubah penampi­lane sing lurus-lurus wae kuwi. Jarene, dheweke wis kesel digawe kalah-ka­lahan dening kanca-kancane. Gading pe­ngin dadi wong sing misuwur, wong sing nduweni karisma supaya disegani, su­paya padha wedi marang dheweke. Lan salah sijine carane yakuwi kanthi ngga­bung marang Geng Cumi.
“Ren…,” Gading miwiti omong ma­rang Geng Cumi sing lagi padha lungguh ing kantin sekolahan.
Bocah-bocah Geng Cumi sing lagi cangkrukan mau kompak meneng, ngi­ngeti marang Gading. Gading malah ndhingkluk, wedi.
“Ana apa?” pitakone Reno mara Ga­ding.
“Anu … anu …” Gading malah katon glagepan. “Aku kepengin gabung karo Geng Cumi.”
Geng Cumi kompak ngguyu banter. Gading dianggep ndhagel.
Yakuwi kawitane Gading ngomong karo Geng Cumi. Banjur Gading dijak mle­bu menyang gudhang mburi sekolah.
***
Gading bingung. Dheweke kringete gobyos. Reno, Agus lan Bayu terus men­theleng saya medeni. Reno mung cengengas-cengenges karo nye­keli botol banyu setan lan nyedhakake marang irunge Gading.
“Piye Ding? Gelem ora? Pancen iki syarate!”
Gading bingung banget. Banyu setan iku haram. Banyu setan bisa gawe rusake pikiran. Gading ora tau mikir bakal njajal ba­nyu setan kaya ngono kuwi.
“Age cepet!!” Reno mbentak.
“A-a-apa ora ana syarat liyane?” Gading njajal ngenyang.
“Ora ana, syarate ya mung iki!” imbuhe Agus, melu-melu nan­dhesake.
“N-n-nanging aku ora bisa.”
“Kenapa?” suwarane Reno banter kaya bledhek.
“Iku haram lan bisa ngerusak pikiran. Aku ora bakal ngombe banyu setan kuwi. Aku wedi marang Gusti Allah.”
Geng Cumi kompak ngguyu. “Pinter! Sanakal-nakale lan sakonyol-konyole Geng Cumi, ora bakal ngombe banyu iki.”
Reno mesem. “Kowe ketrima nggabung Geng Cumi.”
Gading meneng. Bingung lan kaget marang maksud omongane Reno.





http://www.panjebarsemangat.co.id

YEN WIS GETUN


Getun  kuwi  pancen panggone ana mburi. Yen ana ngarep jenenge dudu getun. Samubarang kang wis kebacut, ora ana gunane kanggo digetu-ni. Arepa ditangisi kaya apa tetep ora bisa mbalekake kahanan kaya wingi uni. Barang kang digetuni kudu didadekake ka­ca benggala. Saora-orane bisa kanggo ngilo amrih kadadeyan kawuri ora diba­leni maneh ing dina candhake.

Awan kuwi sakehe mahasiswa padha ngebaki prin-prinan kang manggon ana pojokan prapatan gang siji. Tujuwane ora liya mung ngeprin skripsine dhewe-dhewe. Yen ana sing kurang pener bisa diedit ana kono. Firda, salah sijine maha­siswi jurusan pendhidhikan basa lan sas­tra Jawa rada gupuh anggone nata hala­man skripsine. Kamangka saka kos-kosan wis ditata kanthi bener lan manut saka prentah buku pedhoman. Ora ngertine tekan prin-prinan isih ana sing kurang pener.

“Wis ta Da, sing mbokgetuni ki apa? Iki kesempatan terakhir aja mbokjarne wae. Pokoke Oktober awake dhewe kudu bisa wisudha,” kandhane Kiki nyoba ngyakinake Firda.

“Iya ancene salahku dhewe. Ora ket biyen-biyene skripsi iki dakcandhak. Ba­reng wis mepet arep yudhisium lagi ke­dandapan,” semaure Firda nggetuni lela­kone.

“Hlo, pancet digetuni maneh. Ora bisa Juni kan isih bisa Oktober ta wisu­dhane?” sepisan maneh Kiki ngandhani.

Pancen yen wis getun kuwi lagi krasa salahe. Firda nggetuni wektune kang sa­suwene iki mung digunakake kanggo do­lan-dolan wae. Kuwajibane kanggo ngram­pungake skripsi ora ditindakake. Kamangka kanca-kancane padha seng­kud anggone nggarap skripsi. Yen Firda dielingake kancane, wangsulane mung mengko dhisik. Ora mokal yen wisudhane uga mengko dhisik kang ateges mundur, ora bareng-bareng kancane ing sasi Juni.

Saliyane wisudhane mundur, Firda uga kepeksa ora bisa mulang kaya kan­ca-kancane kang wis oleh panggonan. Ing pertengahan sasi Juli, taun ajaran anyar wis diwiwiti. Kamangka ing dinane kuwi guru basa Jawa kang linier akeh sing mbutuhake, jalaran kudu nyalaras­ake karo kurikulum anyar yaiku piwula­ngan basa Jawa wajib diwulangake wi­wit SD nganti SMA utawa SMK.

Nalika kanca-kancane padha ubet nglebokake lamaran, Firda babar pisan ora maelu, kepara malah ayem-ayem ati­ne. Mula bareng wektune wis mepet, dheweke lagi bingung.

Sakjane ngono perkarane mung se­pele. Ing pungkasane sasi Januari ke­pungkur, antarane Firda lan Rendra, kan­ca atine kang kuliyah ana ing Bandung pedhot sesambungane. Adohe jarak lan ora anane wektu kanggo sesambungan kuwi kang dadi jalarane. Kanggone Firda, pedhote sesambungane kuwi ndadekake samubarang kang diadhepi uga melu buyar, klebu kuwajibane ngrampungake skripsine. Ingatase lagi konsentrasi ngga­rap skripsi la kok ketaton atine. Ya perkara iki kang dianggep dadi jalarane ora bisa tenanan anggone nggarap skripsi.

“Saiki sing penting skripsimu wis di­jilid dhisik, Da. Masalah Rendra ora usah dipikir maneh. Wis ora jamane maneh gara-gara putus trus dadi nglokro. Ora ana gunane Da. Sing ana malah rugi kang­go awakmu dhewe. Ya ta?”

“Iya Ki, matur nuwun banget ya. Sa­suwene iki wis mbokewangi. Yen awak­mu ora nerusake S2 neng kene, aku bingung kudu njaluk tulung sapa…” atur panuwune Firda.

“Halah, kanca ki endi sing ana Da. Pikiren skripsimu dhisik. Iki nguber wek­tu lo. Durung mengko nyuwun tandha tangan dhekan barang. Mengko yen wis rampung urusane kabeh, ndang nyoba gawe lamaran, sapa ngerti isih ana se­kolahan kang bisa nampa. Jalaran bu­tuhe guru basa Jawa wektu iki akeh ba­nget lo.”

Ora krasa, wektu wis nyandhak ing sasi Oktober. Ing tanggal sewelas, dina­ne Setu, Firda wis kasil winisudha, lan ing jenenge ketambahan gelar sarjana pendhidhikan. Kabeh kang diwisudha ing wektu kasebut padha sumringah lan ngatonake kabungah­ane. Beda karo Fir­da, senajan ing njabane bisa mesem, nanging ing njero batine tetep ora bisa mesem. Dheweke isih keduwung ngge­tuni tumindake ing wektu kepungkur. Nganti tumekane wi­sudha uga durung ana asile saka lamaran kang dilebokake. Ing pangajabe, anggone nglebokake lamaran ing sekolahan-seko­lahan sawe­tara sasi kepungkur bisoa keceluk.

Angen-angene sakawit kang nalika diwisudha bisa ditekani Rendra uga ora kelakon. Katresnane pedhot ing tengah dalan. Semono uga rencanane arep mulang ing sekolahan uga durung ke­lakon. Kagawa saka lara atine ndadekake samubarang kang wis dirancang dadi buyar mung gara-gara perkara kang sepele. Yen wis getun, Firda banjur bisa apa? Sapungkure saka winisudha, atine tetep durung bisa legawa nampa ka­hanan kang lagi dialami kuwi.










Kamis, 18 Desember 2014

BABARE PERANG KEMBANG LAN LAKUNE SATRIYA

Wayang minangka warisan budaya adiluhung sing kebak pralambang lan mengku makna filosofi tataran luhur. Crita wa­yang salakon dadi gegambaran lelakon uripe manungsa. Perang kembang klebu salah sijine adegan jroning lakon wa­yang, yaiku campuhing yuda antarane satriya bambangan klawan raseksa.
Ing pewayangan gagrag Surakarta lakune perang kembang neng­sem­ake banget. Awit saka kaprigelane ki dha­lang perang iki katon urip lan ora kalah rame yen ditandhingake perang-perang liyane.
Adegan perang kang mengku makna filosofi samesthine entuk apresiasi sing dhuwur dening penonton, nanging ema­ne isih adoh saka pangarep-arep kase­but. Wong saiki luwih seneng nonton dhagelan Limbuk-Cangik lan dhagelan panakawan. Bareng panakawane ram­pung, akeh sing mulih, ora kepengin nek­seni perange satriya lumawan buta cakil sakancane.
“Perang kembang kuwi maknane pe­range manungsa karo napsune. Titik” Tanpa dituturi, racake penonton wis apal makna filosofi iku. Ananging, benera ka­ya ngono, apa mung tekan semono mak­nane perang kembang? Apa isih bisa dikaji makna sing luwih jero?
Kanthi cara mbayangke lan manjing jroning kahanane lelakon, kita bisa ngre­sepi swasana lan necep makna filosofine perang kembang. Mula, ayo bebarengan nggiring angen-angen marang kahanan sing diucapake ki dhalang ing ngisor iki.

Satriya lan Raseksa
“Sigra eneng ening awas eling jro­ning batos, risang bagus. Karana mele­nging cipta, rasa lan karsa wus kuwawa denira manjing madyaning wana gung liwang-liwung. Ya ing kono dununge wana angker kepati, werit awingit, jalma mara jalma mati, sato mara angemasi.
Kacihna gumelare wana, lamun sina­wang ing netra walaka sayekti peteng dhe­het lelimengan. Parandene, mung­guh­ing satriya trahing kusuma kaya ka­hanan ing gagat rahina. Laju tindake ana­lasak wana tan metung pringga bayaning marga.
Amung sagebyaring thathit, lampah­ira dumugi dlanggung prapatan, cinegat dening rota raseksa ing catur keblat. Pra­mana paningale sang pekik tan kasama­ran marang para raseksa pangawake nap­su patang prakara.
Buta cakil gegambarane napsu supi­yah. Napsune manungsa kang mendem kaelokan, nguja kasenengane, njurung ing ulah asmara. Ya napsu supiyah sing njalari manungsa kepengin ketok bagus-ayune, ngepolke anggone dandan. Ngi­ngar-nginger awak, merat-merot lan me­sam-mesem sangarepe pangilon. Yen mlaku digawe-gawe, klecam-klecem nga­tonake sumehe supaya oleh panga­lembana. Napsu supiyah nyurung pepe­nginan ngrasa bungahing ati, nyetel tape recorder seru ora empan mapan ing ka­hanan, seneng guyon sembranan lan gu­muyu lakak-lakak. Kulina mara sanja golek pemareme ati, lelungan plesir amung kanggo nyenyeneng rasa. Napsu supiyah aweh daya tresna lan asih ma­rang sasamaning titah, ngobarake ge­nine asmara, Keladuking patrap ma­nung­sa banjur laku sedheng, ngrudapek­sa laku jina marang bocah.
Buta rambut geni ya napsu amarah. Napsune manungsa kang nuwuhake ham­beg lan greget ing tumindak. Krekat jail methakil, wani laku cidra angucap dora, mbidhung api rowang, Gampang serik drengki srei lan kebrongoting ati, ngumbar angkara tanpa wates, tegel ngi­langi nyawa.
Buta galiyuk pangawake napsu alua­mah. Ya napsu srakah, sabarang gawe kanggo mikolehake dhiri pribadi. Dhe­men memangan, samubarang kolu kang­go ngebaki wadhuk. Napsu sing karepe bisa sugih mblegedhu, numpuk bandha, banjur nekad korupsi bandhane nagara. Napsu melik gelare kadonyan, mendem drajat lan pangkat, satemah laku adi­gang, adigung, adiguna.
Buta terong gegambaran mayane nap­su mutmainah. Napsu kang con­dhong jujur tulusing batin. Maya ateges samar, mujudake anane niyating ati kang tanpa rasa lan madhahi napsu tri praka­ra. Niyat kang maya lamun sinasapan dening dayaning napsu supiyah, amarah, lan aluamah, mahanani mring pakarti. Mula jere manungsa mono bisaa ne­nim­bang ing akal lan budine.
Kocap. Gya tumandang buta cakil anggemprang-nggemprang, anyerang mengsah binarungan kumuda rangsang. Abang kawelagar yaksa rambut geni krura kagiri-giri ngajap bilahi. Gedrug-gedrug raseksa galiyuk sora manguwuh mungsuh, anubruk ngaruk. Gentoyang-gentoyong solahe buta terong, nanging galake kaya singa barong.
Prayitna sang bagus mring krodhane mengsah, sethithik tan ngrasa gigrig. Tekane gora godha amung kinarya da­dya sarana aneter jiwa kasatriyane. Ba­wane satriya kang limpad nranggulangi saliring kewuh, dhasar prawira sekti mandraguna, trengginas trampil ing ju­rit, sakehe bebaya gya tinandangan, sa­kedhap wus prapteng lampus”.
Mangkono mau ujare ki dhalang mi­nangka pralambang anane napsu ing pri­badine manungsa. Perang kembang iku adegan wayang versi Jawa sabab buta cakil lan kancane asli riptane wong Ja­wa, semono uga makna filosofine.
Matine raseksa ing perang kembang nelakake sirepe napsu, dudu ilange nap­su, sabab sasuwene urip ing alam donya manungsa isih mbutuhake napsu kase­but. Satriya unggul nglawan raseksa nggam­barake manungsa sing bisa ngen­dhaleni hawa napsune lan ngereh priba­dine tumuju mring kautaman.

Lakon Wahyu
Ing Mahabarata crita sing magepokan karo wahyu kaprajan, kocape Arjuna ka­sil anggadhuh wahyu makutharama, de­ne Abimayu kuwat nampani wahyu ca­kra­ningrat. Sadurunge ngalap wahyu sa­triya loro iku nindakake perang kembang nglawan raseksa. Bab iki ateges sakehe sedya utama kudu adhedhasar tulusing batin, menebing pikir lan sumelehing ra­sa kanthi bisa nyerep gora godha har­dane napsu pribadi.
Mligi ing lakon wahyu Makutharama, sawise nyirnakake raseksa Arjuna ne­rus­ake laku, munggah gunung Suwela­giri manjing padhepokan Kutharunggu ing tengahe alas kang kaapit jurang ce­rung saperlu ngalap wahyu. Laku mung­gah gunung diwerdeni wani rekasa am­rih katekan sedyane. Kasembadane ge­ga­yuhan tinuku kanthi sarana gedhene lelabuhan, bebasan ateken janggut suku jaja, tetep dilakoni.
Wahyu iku kanugrahan kang ora wu­jud. Tumurune wahyu ora kena diprusa, sabab satemene wahyu sing duwe we­wenang milih sejatine satriya kayadene curiga milih warangkane.
Wahyu Makutharama mujudake ilmu pangageme Ramawijaya nalika dadi ratu ing Pancawatidhendha. Pepakem iku isi wolung laku kang disebut Hasthabrata. Hastha wolu brata laku, ya laku wolung prakara sing diugemi lan ditindakake dening ratu kang ambawani para nayaka lan kawula sanagara.
Kang klebu laku wolung perkara yaiku laku hambege kisma, tirta, samirana, samodra, candra, baskara, dahana, lan wukir. Hasthabrata mengku surasa le­labuhan utama mungguhing nalendra, yaiku kudu tumindak murah asih, lembah manah, taliti, sabar, amadhangi, anda­yani, angrampungi lan teguh santosa.
Kanthi nindakake Hasthabrata maha­nani Ramawijaya kaaran widagda ma­ngembat praja lan disuyudi dening ka­wula. Tapak tilas lelabuhane Ramawija­ya mangkono iku kang banjur kasebut wahyu Makutharama pikukuhing praja.

Babare Lelakon
Awit saka tulusing budi lan temene pa­ngudi, Arjuna pantes nampani wahyu Makutharama kang diwedharake bega­wan kesawasidhi kang dhedhepok ing Kutharunggu. Adegan Arjuna nampa we­jangan minangka babare lelakon ya lakune Arjuna anggone ngalap wahyu. Wejangan kang wis ditampa iku saban­jure dadi pepakem pikukuhing praja mung­guhing ratu saka tedhak-turune Arjuna.
Crita wayang kasebut minangka ge­gambaran tumrape manungsa. Perang kembang bisa sawayah-wayah uga ing sadhengah papan dilakoni manungsa, sanajan ora rumangsa. Babare perang kembang kari mbiji menang lan orane ma­nungsa anggone perang klawan nap­sune dhewe. Yen bisa ngredhem napsu ateges menang, nanging yen isih diereh napsune tegese kalah.
Kejaba nglawan napsune dhewe, manungsa uga ngadhepi napsune wong liya ing urip saben dinane. Ya ing kanya­tan ngene iki manungsa diteter jiwa ka­satriyane ing lelakon uripe. Mula jroning urip bebrayan manungsa bisaa tansah eling lan waspada, nggedhekake tepa slira, lan ora ninggal duga prayoga.
Babare lelakone manungsa sesam­bu­ngan karo gegayuhan lan pakaryan sing dadi tanggung jawabe. Kasil lan orane mujudi gegayuhan lan kwajibane mertandhani babare lelakon ing uripe manungsa.
Wektu cedhak iki nagara kita arep duwe gawe pilihan presiden. Calon-ca­lon presiden iku kayadene satriya kang ne­dheng-nedhenge ngalap tumurune wahyu. Pancen ora gampang dadi presi­den, akeh godha rencanane lan bisa teka saka ngendi wae. Ananging tumrape jiwa satriya ora ana gendhing serik merga kesirik, ora kemba sanajan diundhama­na. Lakune satriya mung ngener jatining sedya anyangkul sesanggeman lan le­labuhan utama.

Sapa kang pantes nampa wahyu? Bab iki isih dadi cangkriman sing durung gumathok batangane. Prayogane disek­se­ni wae, sapa sejatine satriya lan kepiye babare lelakon iki.


DEWI SRENGGANA-SRENGGINI NYIMPEN ILMU SEJATINE LANANG-WADON

Dewi Srenggana dan Dewi Srenggini iku anake kembar Resi Badawanganala ing pertapan Sumur Upas lan sisihane sing jenenge Dewi Srunggagini. Ing jagad pedhalangan putri loro kembar iki sinebut Dewi Srengganawati lan Dewi Srengginiwati. Dewi Srengganawati dhaup lan Naluka, nurunake Dewi Sritanjung. Dewi Srengginiwati dhaup lan Sahadewa, nurunake Bambang Widapaksa utawa Sidapaksa. Ing lakon Dhaupe Nakula Sahadewa dicritakake saka kawitan malih rumape Bathari Durga dadi Dewi Kunti.
Bathari Durga sing njilma wujud Dewi Kunti iku banjur andon wasis lan andon ilmu bab sejatining lanang, sejatining wadon kalawan Sahadewa. Sawise dibabar kabeh, Dewi Kunti daden-daden iku banjur njaluk saresmi kalawan Sahadewa. Ananging Sahadewa nampik pepenginane Dewi Kunti daden-daden iku amarga kelingan yen Dewi Kunti iku ibune. Dewi Kunti daden-daden tetep meksa pengin saresmi kalawan Sahadewa, ananging Sahadewa milih mlayu ninggalake. Dewi Kunti daden-daden banjur nyuwek sandhangane lan wadul marang Werkudara.
Bima dadi lan nesune nalika weruh kaanane Dewi Kunti (daden-daden iku). Luwih-luwih sawise ngerti yen suweke sandhangane iku amarga pokale Sahadewa. Tanpa suka kalodhangan tumrap Sahadewa kanggo njlentrehake apa sing kedaden satemene, Bima banjur ngajar Sahadewa sakkatoge. Sahadewa uga banjur diguwang ing Sumur Upas engga nemahi pati. Sawijining dina, Dewi Srenggana dan Dewi Srenggini ngimpi dadi sisihane ragile Pandhawa, yaiku si kembar Nakula dan Sahadewa. Sahadewa sing ditemokake mati banjur diuripake maneh dening Resi Badawanganala.
Sawise takon tinakokan kalawan Sahadewa, Resi Badawanganala banjur nemokake Sahadewa kalawan anake wadon. Sahadewa arep dijodhokake kalawan salah sijine anake kembar iku. Putri kembar anake Badawanganala ora kabotan waton Sahadewa bisa napsirake ilmu sejatining lanang, sejatining wadon. Wusana Sahadewa kasil ndhudhah lan napsirake ilmu kasebut. Putri loro kembar iku dening Resi Badawanganala banjur dipasrahake marang Sahadewa, sabanjure diboyong tumuju Amarta utawa Amerta.
Satekane ing Endraprasta, Sahadewa lan Nakula bisa males tumindake Dewi Kunti daden-daden lumantar pitulungane Semar. Dewi Kunti banjur badar maneh ing wujud sakawit, yaiku Bathari Durga. Bathari Durga banjur sumingkir tumuju Krendayana ing pasetran Ganda Umayi utawa Gandamayit. Wusana, Dewi Srenggana utawa Srengganawati dhaup lan Nakula, dene Dewi Srenggini utawa Srengginiwati tetep dadi sisihane Sahadewa.





SINTHA KADHUSTA

    Pegat, apisah, Rama lan Shinta,
kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.

       Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama,   jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

    Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.

         Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan.   Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.

        Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu  bisa sempurna.  Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.

     Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.

      Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,  Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi  Raja maneh ing Guwakiskendha.

        Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.

         Akhire, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati  Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan   Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.





LOKAPALA

Bareng lakune tekan ing tepis-wiringing piaja Ngalengka, barisan wadyabala Lokapala dialang-alangi dening wadya raseksa kang njaga tapel-watesing nagara, tinindhihan dening Marica, satemah dadi pancakara. Amarga karoban lawan, wadyabala Ngalengka kasoran. Marica mlayu menyang kadhaton Ngalengka, ngaturi priksa marang Prabu Sumali yen ana mungsuh teka saka nagara Lokapala, lakuning barisane rnungsuh wis ngliwati tapel-watesing praja.
Midhanget ature Mirica, Prabu Sumali gugup panggalihe, enggal-enggal nimbali Mintragna lan liya-liyane para gegedhunging wadyabala, didhawuhi mepak wadyabala, pinerang dadi rong bregada. Kang sabregada kadhawuhan nempuh mungsuh ana ing sajaban kutha, kang sabregada pacak-baris ana ing sakubenge dhatulaya.
Ora kacarita ramening campuhe wadyabala Ngalengka lumawan wadyabala Lokapala. lng sakawit perange wadyabala Ngalengka tansah unggul; akeh wadyabala Lokapala kang palastra. Nanging bareng Prabu Wiisrawana nyalirani perang, wadyabala Ngalengka keseser, kepeksa ngunduri pangangsege wadyabala Lokapala.
Undure wadyabala Ngalengka nenangi adrenging panggalihe Resi Wisrawa nedya nyalirani perang. Sawise cancut taliwanda, Sang Resi tumuli mangsah yuda.
Bareng priksa ingkang rama nyalirani perang, dukane Prabu Wisrawana kaya diububi. Sang Prabu banget ora sranta panggalihe, kumudu-kudu enggai bisa midana marang ingkang rama. Awit saka iku, wadyabalane tumuli diabani sumisih. Wadyabala Lokapala piyak ngiwa-nengen, satemah Prabu Wisrawana banjur ayun-ayunan karo ingkang rama.
“Bapa awatak slingkuh, kepatuh nletuh atindak rusuh !” Mangkono panguman-umane Prabu Wisrawana marang ingkang rama, banjur nglepasake jemparing dahana. Sang Resi prayitna, enggal-enggal nglepasake Barunastrso rninangka panulaking jemparing dahana.
Nganti suwe perange Resi Wisrawa lumawan ingkang putra Prabu Danaraja, padha ngadu tyasa arebut prabarwa, padhadene ngetokake aji kamayan lan pangabaran. Suwe-suwe Prabu Danaraja entek sabare, kapengin tumuli mungkasi yuda. Awit saka iku, Sang Prabu banjur ngetokake sanjata pamungkas, yaiku Kunta Baswara. Bareng priksa ingkang putra ngasta sanjata Kunta Baswara, Resi Wisrawa enggal-enggal ngeremake netra, panggalihe pasrah-sumarah marang kang murbeng bawana, wis nyipta manawa bakal tumuli palastra ketaman Kunta Baswara.
Dumadakan mak jleg ! Bathara Narada tumurun saka antariksa, nyandhak Kunta Baswara kang diasta dening Prabu Wisrawana karo ngendika :
“Lo, aja ta aja! Aja kaki Prabu, aja! Sira iku kena ingsun arani kebanjur wuru, parikudu atindak dudu, ndurusi budi arda nedya mrajaya sudarma. Nadyan silih salah solahe sudarma, putra ora kena midana. Apa maneh nganti nedya mrajaya
marang bapa, saya ora ndadekake keparenging dewa. Sanajan saupamane sudarmanira trima nedya sira prajaya, dewa ora bakal trima. Paribasane : Trimaa sing nglakoni, mangsa trimaa sing momong”. Wruhanira kaki Prabu! Nadyan sanjatanira Kunta Baswara durung nganti lumepas saka astanira, sira wis binendon ing dewa, amargo ngagagi sanjata marang liya iku klebu panggawe dosa, apa maneh marang sudarma. Mangkono uga tindakira rebutan garwa karo sudarmo, iya ora ndadekake keparenging dewa. Awit saka iku kaki Prabu, kesluruning tindakira rong warna mau, njalari prajanira Lokapala ing tembe bakal rinusak dening kadangira dhewe, yaiku atmajane sudarmanira kang miyos saka putri Ngalengka”.
“Kaki prabu Danaraja! Prayogane sira tumuli mundura saka rananggana, ngegungna tapa-brata, nalangsaa marang Jawata, nyuwuna pangapura kesluruning tindahira marang sudarma”
Sawise ngendika mangkono, Bathara Narada banjur musna. Dene Prabu Wisrawana, ing sapungkure Bathara Narada, banjur nyembah ingkang rama Resi Wisrawa saka ing kreta Puspaka, banjur kondur menyang Lokapala kanthi nawung sungkawa, didherekake para wadyabala.
Dewi Sukesi lestari dadi garwane Resi Wisrawa. Sang Dewi apeputra papat, yaiku : 1. Dasamuka, 2. Kumbakarna, 3. Sarpakanaka 4. Wibisana

Sabdane Bathara Narada kalakon temenan. Pamburine praja Lokapala rinusak dening Dasamuka. Prabu Wisrawana pinulung dening Jawata, wasana banjur asalira dewa peparab Bathara Wisrawana utawa Bathara Kuwera, dewaning kasugihan utawa rajabrana.



LAIRIPUN RADEN GATHOTKACA

                                       Raden Gathutkaca

       Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Senajan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang Pandhawa.

         Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna lajeng bidhal dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden  Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal-enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati.

            Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna. Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara. “Dimas Sena, aja cilik atimu Yayi! Kersaning dewa pancen kudu ngono kuwi, najan iku mung wujud warangka, nanging bias mrantasi. Mara age tamakna menyang pusering putramu Yayi! Sing waspada ya Dhi!”

            Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara Boten tidha-tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi. Sanalika puser pedhot, ari- ari musna, nanging warangka sirna manjing ing pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng ngendika, “Jlitheng Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe, heeee!”

         Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe kekilapan dhateng sadaya lelampahan. Pangandikanipun alon. “Sareh, sareh Yayi! Pun kakang ora maido menawa sliramu padha bingung lan kodheng. Coba padha mirangna kandhaku ya, Dhi! Lelakon iki pancen wis dadi kersaning Jawata. Wis ginaris Manawa warangka iku kudu musna manjing ing pusering putramu, sartaiku dadi sifat kandele. Nanging wanti- wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbisuk lamun ana curiga ngupadi warangka, si Adhi kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi!”

            Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah kadang Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara-gara punika. Saking kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi malih dados satriya bagus sekti mandraguna.

             Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak-abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun sami bubar mawur.

             Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah Dewi Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami suka- suka lajeng bojana andrawina.




          

Senin, 15 Desember 2014

PANDHAWA - KURAWA VERSI MAHABHARATA LAN PEDHALANGAN

Kanggone para sutresna wayang kulit utawa wayang purwa kang fanatik, yen ngrembug bab crita wayang wis mesthi ora ana enteke. Senadyan karya sastra kuna, nanging kanyatan nganti pirang-pirang abad isih dadi kabudayan kang adi luhung. Malah wayang purwa siji-sijine jinis wayang saka maneka warna jinis wayang kang isih langgeng tekane saiki. Babone wayang purwa kang njupuk crita saka Epos Ramayana lan Mahabharata, sing asline saka tanah Hindhustan ya Indhia. Ramayana kang den tulis dening Empu Walmiki utawa Ratnakara, lan Mahabharata dening Resi Byasa utawa Wyasa.
Ngonceki crita Mahabharata kang versi asli Indhia lan pe­dhalangan pancen ora gampang. Ing kene penulis kepengin ngan­dharake uneg-uneg kang mbok menawa cengkah klawan para sutresna liyane. Nanging kabeh mau jer murih becike, lan kabu­dayan warisan nenek moyang kita kabeh ora luntur kesilep ing jaman. Wayang di openi kanthi becik lan dadi ”kebanggaan” tum­rap wong Jawa. Wayang malah dadi ajang study lan peneli­tiyan kang migunani tumrap sutresnane ing saindenging bumi.
Para pinisepuh ya nenek moyang kita yen nampa kabudayan saka manca praja perlu disaring lan filtere lembut banget. Ya krana sing ora jumbuh klawan kapribadene wong Jawa mesthi di ilangi. Nanging pranyata kabeh mau ora tinemu bener saka­behane. Bab sing tabu utawa saru kang ora becik kanggone anak putu mbesuk, wis mesthi di owahi. Nanging ana saperangan sing keselip, crita kang bener malah di tutup kanthi rapet lan nganti saiki akeh sing ora pana bab silsilah utawa asal-usul, dhi­nasti, lan keturunan. Pagelaran wayang saiki mung kakeyan guyon lan campursari sing ngentek-entekake wektu. Ing ngisor iki penulis kepengin ngandharake antarane versi Indhia lan Pe­dhalangan.

1.      Dhinasti
Wangsa Bharata minangka sesebutane ratu-ratu Hastinapura sak bubare Prabu Bharata utawa Sarwadamana atmajane Prabu Dhusanta lan Dewi Sakuntala. Ratu-ratu sak durunge Prabu Bharata kanthi gelar Kuru utawa Puru kang kawiwitan saka Prabu Nahusa. Nanging gelar Kuru pranyata uga sinandhang dening sang Adhipati Kuru Drestarastra yaiku bapake Kurawa. Banjur pembayune Kurawa oleh gelar Kurupati yaiku nom-nomane Prabu Duryudana. Kamangka antarane Pandhawa lan Kurawa padha-padha saka dhinasti Kuru. Ratu-ratu Hastinapura sing turun-tu­mu­run nganti telung puluh papat mau sejatine mung kandheg ing Bhisma ya Dewabrata. Malah Dewabrata wis klakon den sengkakake dadi Yuwaraja utawa putra mahkota. Kang ing tembe gumanti keprabone keng rama Sentanu. Ya krana sang Prabu Sentanu adreng kepengin palakrama klawan Dewi Satyawati saka praja Wiratha, mula panjaluke Dewi Setyawati bakal den udaneni. Dewi Setyawati nyuwun yen mbesuk darbe putra, ya putrane iku kang gumanti narendra. Prabu Sentanu rumangsa kabotan, nanging Bhisma  jejer putra kang bekti mring rama lan bumi Ngastina, mula saguh nglamarke bapake. Sarta ngilangi kepen­tingan pribadine nyeleheke yuwaraja kanggo putrane ibune kwa­lon. Sak banjure sang Prabu Sentanu lan Dewi Setywati pina­ringan putra loro yaiku Citragada lan Wicitrawirya. Nalika sang Citra­gada juneneng nata, den gebag perang dening ratu gan­darwa kang aran Citragada uga. Awit ing ndonya kudu ana sawiji raja kang aran Citragada. Mula nalika tandhing yuda, Citragada raja Ngastina gugur ing palagan.
Banjur Wicitrawirya di sengkakake dadi raja Ngastina nggen­teni Citragada. Prabu Wicitrawirya darbe lara mengguk lan lara-laranen. Nalika arep munggah dhampar keprabon Wicitrawirya dhawah banjur seda. Ratu Setywati rumangsa ngenes penggalihe krana putra-putrane kang di gadhang wis nemahi pralaya. Saka usule Bhisma putra kwalone, supaya ibu Setywati golek brahmana suci kanggo upacara Dewi Ambika lan Ambalika dimen darbe turun. Yen sing paring pangestu brahmana suci, bocah kasebut tetep sah minangka keturunane raja kang wis seda mau. Dewi Satyawati kelingan klawan atmajane kang mbarep yaiku Byasa olehe patutan klawan Resi Parasara. Nalika Setyawati ngusulake Byasa kang nyranani upacarane Dewi Ambika lan Ambalika mula Bhisma sarujuk. Banjur dewi Ambika peputra Drestarastra lan Am­balika darbe putra Pandhu. Malah karo dhayang uga darbe putra yaiku Widura kang lantipe ngungkuli kakang-kakange. Ing versi Mahabharata mau Drestarastra lan Pandhu nyebutake yen bapake Wicitrawirya. Ateges ora nyebutake bapak biologis-e kang sejati. Antarane Drestarastra, Pandhu, lan Widura uga manger­teni yen bapake kang sejati iku Resi Byasa.
Versi pedhalangan nyebutake yen Byasa ya Begawan Abyasa ora mung nggarwa Dewi Ambika lan Ambalika nanging malah dadi ratu ing Ngastina. Senadyan critane mung sedhela banjur lumintir Prabu Pandhudewanata. Yen ngrembug dhinasti kudune sing oleh sesebutan Kuru ora mung Kurawa nanging uga Pandha­wa. Yen ing pedhalangan nyebutake Bharata Pandhawa. Krana panganggepe Kurawa = Kuru Hawa lan Pandhawa = Pandhu Hawa. Sesebutan mau nuduhake idhentitase bapake wae dudu dhinasti kang turun tumurun kayadene Kuru, Puru, lan Bharata.
Perang Bharatayuda yen versi Mahabharata sing dadi rebutan negara Indraprastha kang dadi darbeke Pandhawa. Krana para Pandhawa wis rampung ngayahi wanaprastha lawase 12 warsa ketambah sewarsa umpetan ing negara liya. Ora oleh kadena­ngan, yen nganti kadenangan mbaleni maneh 13 taun. Kasu­nyatane Pandhawa lulus, Kurawa ora bisa ngonangi. Banjur para Kurawa nyidrani janjine. Temahan dhuta saka para Pandhawa yaiku Sri Bathara Kresna gagal ngayahi karya. Banjur perang gedhe dumadi lawase 18 dina. Yen versine pedhalangan sing dadi underane perkara praja Ngas­tina sesigar semangka. Ka­mangka sak bubare Pandhawa dipaeka Kurawa ing Bale Sigala-gala, Bratasena sowan ana ngar­sane Wa Adipati Dhesta­ras­tra nyuwun pengestu arep ba­bad wana Marta. Praja Ngastina dimen kanggo mukti keng uwa lan kadang Kurawa. Pandhawa arep gawe negara saka asil kringete dhewe. Lha yen underane Bharatayuda kuwi praja Ngastina, apa ora ateges Bhima kuwi ngidu di dilat maneh. Mangka Bhima kuwi satriya kang teguh ing pandhirian, ngugemi jiwa satriya. Njunjung ajining dhiri, sedulur tuwa, bapak-ibu lan para leluhur-leluhure. Rampung ngayahi wanaprastha Puntadewa isih jumeneng narendra ing Ngamarta ya Batanakawarsa nganti ngarepake Bharatayuda. Tumapak Bha­ratayuda gawe pakuwon kang sinebut Hupalawiya. Banjur sak bubare Bharatayuda Puntadewa dadi ratu ing Ngestina mung sedhela. Merga Parikesit kajumenengake nata. Yen versi asline Mahabharata bubar Bharatayuda Yudhistira isih dadi raja ing Hastinapura lawase 36 taun. Dadi wektu 36 taun kang kepetung suwe mau, kudune yen ana crita carangan ing pedhalangan rak luwih akeh timbangane Pandhawa nalika urip ana pambuwangan sing suwene mung 12 taun ketambah setaun umpetan ing negara liya.

2.      Asal-usul Asal-usule utawa silsilahe para Pandhawa lan Kurawa yen miturut Mahabharata saka Candrawangsa utawa dhinasti Dewa Candra. Banjur dhinasti Candra mau nurunake raja-raja ing Hastinapura ya ing Kurujanggala. Lambang kebesarane kerajaan wujud patung gajah utawa hesti. Ratu-ratu ing Indhia Kuna wilayahe sinebut Bharatawarsa utawa bangsa Arya. Negara-negara kang madeg ing sakiwa tengene praja Hastinapura kaya­ta, Panchala, Wiratha (Matsya), Widharba, Nisadha, Magada, Cedhi, Gandara, Timpuru, Trigarta, Madras, Boja, Matura, Dwa­raka, Indraprastha, lan isih akeh negara liyane. Banjur ing sa­brange segara sisih kidul ana Langka. Mula kanggo mikukuhi praja Hastinapura tansah ngajak sesrawungan lan mangun kerjasama. Banjur nalika praja disuhi dening raja Pandhu tansah ana peperangan-peperangan. Kang tujuwane negara-negara cilik gelem nungkul dadi negara telukan ana ngisore peprentahan praja Hastinapura. Yen ing versi pedhalangan, negara-negara gedhe kang kondhang mung sethithik kayata, Ngamarta, Ngas­tina, Dwarawati, Mandura, Pancala, Wiratha, Ngalengka, Maes­pati, Kiskendha, lan Pancawati. Liyane negara cilik-cilik kocape yen pinuju ana crita Bharatayuda. Jenenge negara-negara ing pedhalangan sing ora nate kasebut racak crita carangan. Negara sabrang kocape yen ana crita alap-alapan utawa sayembara.
Wong tuwane Pandhawa Kurawa iku keturunane para brah­mana. Kang kawiwitan saka Resi Manumayasa, Begawan Seku­trem, Begawan Sakri, Begawan Palasara, Begawan Abyasa, ban­jur nurunake Dhestarastra lan Pandhu. Dene Resi Manumayasa mbah Udheg-udheg-e Pandhawa lan Kurawa iku atmajane Prabu Parikenan, Parikenan putrane Hyang Bremani, lan Bremani pu­trane Bathara Brama. Kamangka yen miturut wong Hindhustan kasta kang dhuwur dhewe iku brahmana timbangane liya-liyane. Banjur lagi kasta ksatriya kang kalebu para raja-raja lan narpati ing saje­rone. Dadi kudune Pan­dha­wa lan Kurawa luwih bombong dadi turune para begawan timbang­ane turune raja. Ya mer­ga padha kepengin dadi panguwasa mau mula ora mikir marang akehing kurban. Sing kasunyatane nuwuhake pepati gedhen-gedhen tanpa wilangan kalebu garwa lan putra. 18 dina dadi perang kang nggegirisi. Mula yen sing dadi rebutan praja Ngastina ateges Pandhawa lan Kurawa kuwi amung nglung­guhi klasa gumelar. Praja yasane para priyagung tedhake bangsa Kuru. Sing sejatine Pandhawa Kurawa, bapak-bapake, lan sim­bahe ora wenang dadi raja. Negara Ngastina rubuh krana turune wong liya braya. Nalika pusaraning praja di kendhaleni Prabu Sentanu, Prabu Pratipa, lan para raja-raja tus bangsa Kuru ora ana memungsuhan. Dadi yen versi Mahabharata tansah njunjung silsilah kuwi pancen ana becike. Krana bombong lan mongkoge putra wayah darbe sarasilah kang berbudi bawa leksana.

3.      Keturunan 
Yen ngrembug bab keturunan wis mesthi kaitane klawan hubungan intim utawa sek lan anak. Bab mau ora sakabehane bener. Ing versi pedhalangan Dewi Kunthi darbe putra Suryatmaja utawa Karna kanthi cara mbobot. Nanging linairake liwat kuping. Kasabab Kunthi mujudake wanita kang isih prawan suci durung palakrama. Ya kedayan Aji Adhityahredaya utawa Kuntakawekas Ciptatunggal Tanpa Lawan, peparingane gurune sang Resi Dru­wasa. Mula kanthi aji-aji mau Kunthi nyuwun apa wae marang jawata, bakal den pinangkani. Malah jawata kang den puja bakal rawuh dhewe. Nalika Pandhu mbebedhag ing wana ana kidang pepasihan. Kidang di panah babar dadi Resi Kimindama lan bo­jone. Sak durunge mukswa Resi Kimindama nyepatani Pandhu lan garwane yen saresmi bakal nemahi pati. Pandhu wis mesthi susah penggalihe. Banjur Kunthi atur pamrayoga bab anggone arsa mateg Aji Adhityahredaya dimen kagungan putra. Pandhu nayogyani, malah Kunthi uga menehi mantrane marang Dewi Madrim. Dadi laire Karna, Puntade­wa, Werkudara, Arjuna, Nakula lan Sadewa mau Dewi Kunthi lan Dewi Madrim uga mbobot kaya satataning wanita lumrah.
Yen versi Mahabharata, Kunthi kang mateg aji Adhityahredaya peparinge sang guru Rsi Durwasa kang sepisanan nalika durung palakrama, ngrawuhake Bathara Surya. Banjur di sorot nganggo astane dewa Surya, Kunthi wis mbopong bayi yaiku Karna. Kunthi ora mbobot, ateges isih prawan suci. Semono uga nalika Kunthi wis palakrama klawan Pandhu, Pandhu kang den jarwani bab ngelmu Adityahre­daya banget bungahe. Kunthi anggone ngrawuhake jawata tansah caket klawan Pandhu. Kunthi banjur ngrawuhake Hyang Yama. Saka astane Bathara Yama paring pangestu, ora suwe Kunthi wis nampa bayi kakung. Dening Pandhu bayi mau di paringi jeneng Yudhistira. Sak banjure Dewa Bayu mberkahi putra diparingi asma Bhima. Dewa Indra mberkahi putra di paringi asma Arjuna. Banjur Dewi Madrim uga nyuwun diwisik aji mau. Tumuli ngrawuh­ake Dewa Aswan-Aswin. Banjur pinaringan putra Nakula lan Sahadewa. Dadi yen Dewi Kunthi dianggep wanita kang mburu se­nenge dhewe kaya-kaya ora trep. Utawa wanita pelanyahan, lelemeran lan liya-liyane. Awit Kunthi iku wanita kang tetep suci lair lan batine. Atmajane narendra gung binethara, kang tansah ngudi marang ngelmu ing pawiyatan luhur. Tansah setya marang kakung nganti ora palakrama maneh sawise Pandhu seda. Emane akeh wong Jawa yen mangerteni crita laire Pan­dhawa banjur tuwuh gagasan yen Kunthi iku wanita sedheng. Lha yen Kunthi dudu wanita kang setya tuhu marang kakung, wis mesthi sak bubare Pandhu seda, milih wae para dewa sing paling disenengi. Sing wis paring kanugrahan putra. Ngono rak beres. Nanging kasunyatane ora, Kunthi wanita kang tansah setya, momong para putra-putra ing swasana bungah klawan susah.
Yen dipikir pancen ora ketemu nalar lan akal. Wanita darbe anak tanpa lantaran ana bapak kang nitisake rasa jatine. Nanging perlu di emuti yen caritane para Pandhawa Kurawa iku dumadi adoh sadu­runge taun masehi. Awit jaman-jaman sa­du­runge masehi sakabehing ngelmu kebatinan lan goib kaya winongwong dening Gusti Kang Maha Agung. Sakabe­hing ucap prasasat idu geni utawa mandi. Mbuh iku ngelmu kang putih utawa resik utawa ilmu sihir kang mbebayani. Riwa­yate para Nabi-nabi Allah sadurunge masehi kabeh darbe Mukjijat kang angel tinemu nalar. Kaya Nabi Nuh, Ibrahim, Ismail, Musa, lan Nabi Isa. Malah Nabi Isa uga tanpa darbe rama, awit kanugrahane Allah SWT. Dadi ora amung ana bumi Hindhustan wae, nanging bumi Arab, Mesir, Palestin, lan liya-liyane uga ndarbeni petuah utawa daya. Banjur yen riwayate Nabi Muhammad wis kaya peradhaban jaman saiki, yen perang tatu ya tatu, ora ana aji-aji utawa kasekten. Krana jamane wis jaman masehi mbok menawa wis kebak sakabehing kadurjanan. Banjur ana crita laire Wahmuka lan Arimuka saka ari-arine Dewi Amba, Ambika, lan Ambalika putri satanah Kasi praja Gyantipura. Ana crita maneh yen Jayadrata utawa Tirtanata raja ing tanah Sindu praja Bwanakeling iku kedadeyan saka kasut (bungkuse) Werkudara.
Dadi yen saka pamawase penulis, lairane Pandhawa mau kaya-kaya luwih trep versine Mahabharata sing ora disang­git maneka warna. Ora beda klawan laire Dewi Drupadi, yen ing Mahabharata nyebut Dropadi utawa Panchali. Dropadi lair bebarengan klawan adhine kang aran Drestajumna saka upacara Yadnya. Kang den adani Raja Dropada ing Pancala. Saka geni upacara yadnya mau, Raja Dropada kasil darbe putra kang mbesuke den gadhang bisa males wirange keng rama marang Rsi Drona. Mung emane yen versi Mahabharata Dropadi iku bojone Pandha­wa lima. Bab mau kasabab Dewi Dropadi katitisan Dewi Damayanti garwane Prabu Nala kang remen kasukan dhadhu. Dadi mbesuk ing jaman Pandhawa Kurawa sang Dewi kudu tinimbal lair maneh. Garwane ora mung siji nanging lima. Yen versi pedhalangan garwane Dewi Drupadi mung Prabu Puntadewa wae. Lha yen kanggo bab siji iki, kaya-kaya penulis sarujuk yen versi pedhalangan. Dadi luwih selaras klawan budayane wong Jawa.
Wong tuwane Kurawa yen versi pedha­langan kang darbe watak srei drengki yaiku Dewi Gendari. Merga tresnane sejatine kepanduk marang Pandhu nanging Gendari dipilih dening Drestarastra. Mula Gendari banjur upata mbesuk tedhak turune Gen­dari lan Pandhu dadi mungsuh bebuyutan. Saya maneh Gendari diombyongi klawan adhine kang aran Sengkuni sang julig pandhedher winih memungsuhan. Yen versi Mahabharata Gendari mujudake wanita kang alus budi pakartine. Wicarane ora nate nglarani marang sedulur utawa liyan. Malah Gendari ing Mahabharata wanita kang lila legawa ginarwa marang priya wuta. Sing darbe watak ala ora liya ya mung Drestarastra dhewe kang gagal nglungguhi dhampar praja Ngastina. Awit miturut pranatan wong wuta ora bisa nyekel pusaraning praja. Nganti Dresta­ras­tra kepancing marang wicarane Seng­kuni kang golek untunge dhewe. Temahan Bharatayuda ora bisa diselaki maneh.
Mula, ora ateges penulis iki cuman­thaka wani ngonceki bab wanita ing pe­wayangan utamane Dewi Kunthi Talibrata ibune Pandhawa. Nadyan Mahabharata lan pedhalanagan akeh cengkahe dakira ora perlu digawe sabab. Kabeh mau ana keluwihane uga ana kekurangane. Kang becik kanggo tepa patuladhan lan kang ala den buwang adoh. Ora ateges penulis golek benere dhewe. Nanging kaya luwih pas bebarengan mbenerake barang kang kleru. Awit kabudayan kang adi luhung iku tundhane bisa aweh wawasan marang para putra wayah ing mbesuk. Aja nganti bab-bab kang ala ing jagading pewa­yangan iku tansah dadi pocapan kang negatip lan geguyonan. Apamaneh nyonto marang tindak ora bener. Yen wanita ing pewayangan iku finalis wanita kang setya tuhu marang kakung, mbok menawa mung ana papat, yaiku : Dewi Kunthi, Dewi Setyawati garwane Prabu Salya, Dewi Siti Sendari, lan Dewi Amba kang katulak dening Bhisma Dewabrata. Satemah den belani nganti sukmane methuk sak bubare Duryudana gugur. Mula yen dipikir wis ngliwati pirang puluh taun wae sukmane Dewi Amba ngumbara ing alam antara. Muga-muga sethithik gagasan iki bisa nambahi wawasan lan tambah ngelmu pewayangan tumrap dhiri pribadine pe­nulis lan para sutresna udyana iki.