Wayang minangka warisan budaya adiluhung sing kebak pralambang lan mengku
makna filosofi tataran luhur. Crita wayang salakon dadi gegambaran lelakon
uripe manungsa. Perang kembang klebu salah sijine adegan jroning lakon wayang,
yaiku campuhing yuda antarane satriya bambangan klawan raseksa.
Ing pewayangan gagrag Surakarta lakune
perang kembang nengsemake banget. Awit saka kaprigelane ki dhalang perang
iki katon urip lan ora kalah rame yen ditandhingake perang-perang liyane.
Adegan perang kang mengku makna filosofi
samesthine entuk apresiasi sing dhuwur dening penonton, nanging emane isih
adoh saka pangarep-arep kasebut. Wong saiki luwih seneng nonton dhagelan
Limbuk-Cangik lan dhagelan panakawan. Bareng panakawane rampung, akeh sing
mulih, ora kepengin nekseni perange satriya lumawan buta cakil sakancane.
“Perang kembang kuwi maknane perange
manungsa karo napsune. Titik” Tanpa dituturi, racake penonton wis apal makna
filosofi iku. Ananging, benera kaya ngono, apa mung tekan semono maknane
perang kembang? Apa isih bisa dikaji makna sing luwih jero?
Kanthi cara mbayangke lan manjing jroning
kahanane lelakon, kita bisa ngresepi swasana lan necep makna filosofine perang
kembang. Mula, ayo bebarengan nggiring angen-angen marang kahanan sing
diucapake ki dhalang ing ngisor iki.
Satriya lan
Raseksa
“Sigra eneng ening awas eling jroning
batos, risang bagus. Karana melenging cipta, rasa lan karsa wus kuwawa denira
manjing madyaning wana gung liwang-liwung. Ya ing kono dununge wana angker
kepati, werit awingit, jalma mara jalma mati, sato mara angemasi.
Kacihna gumelare wana, lamun sinawang ing
netra walaka sayekti peteng dhehet lelimengan. Parandene, mungguhing satriya
trahing kusuma kaya kahanan ing gagat rahina. Laju tindake analasak wana tan
metung pringga bayaning marga.
Amung sagebyaring thathit, lampahira dumugi
dlanggung prapatan, cinegat dening rota raseksa ing catur keblat. Pramana
paningale sang pekik tan kasamaran marang para raseksa pangawake napsu patang
prakara.
Buta cakil gegambarane napsu supiyah.
Napsune manungsa kang mendem kaelokan, nguja kasenengane, njurung ing ulah
asmara. Ya napsu supiyah sing njalari manungsa kepengin ketok bagus-ayune,
ngepolke anggone dandan. Ngingar-nginger awak, merat-merot lan mesam-mesem
sangarepe pangilon. Yen mlaku digawe-gawe, klecam-klecem ngatonake sumehe
supaya oleh pangalembana. Napsu supiyah nyurung pepenginan ngrasa bungahing
ati, nyetel tape recorder seru ora empan mapan ing kahanan, seneng guyon
sembranan lan gumuyu lakak-lakak. Kulina mara sanja golek pemareme ati,
lelungan plesir amung kanggo nyenyeneng rasa. Napsu supiyah aweh daya tresna
lan asih marang sasamaning titah, ngobarake genine asmara, Keladuking patrap
manungsa banjur laku sedheng, ngrudapeksa laku jina marang bocah.
Buta rambut geni ya napsu amarah. Napsune
manungsa kang nuwuhake hambeg lan greget ing tumindak. Krekat jail methakil,
wani laku cidra angucap dora, mbidhung api rowang, Gampang serik drengki srei
lan kebrongoting ati, ngumbar angkara tanpa wates, tegel ngilangi nyawa.
Buta galiyuk pangawake napsu aluamah. Ya
napsu srakah, sabarang gawe kanggo mikolehake dhiri pribadi. Dhemen memangan,
samubarang kolu kanggo ngebaki wadhuk. Napsu sing karepe bisa sugih mblegedhu,
numpuk bandha, banjur nekad korupsi bandhane nagara. Napsu melik gelare
kadonyan, mendem drajat lan pangkat, satemah laku adigang, adigung, adiguna.
Buta terong gegambaran mayane napsu
mutmainah. Napsu kang condhong jujur tulusing batin. Maya ateges samar,
mujudake anane niyating ati kang tanpa rasa lan madhahi napsu tri prakara.
Niyat kang maya lamun sinasapan dening dayaning napsu supiyah, amarah, lan
aluamah, mahanani mring pakarti. Mula jere manungsa mono bisaa nenimbang ing
akal lan budine.
Kocap. Gya tumandang buta cakil anggemprang-nggemprang,
anyerang mengsah binarungan kumuda rangsang. Abang kawelagar yaksa rambut geni
krura kagiri-giri ngajap bilahi. Gedrug-gedrug raseksa galiyuk sora manguwuh
mungsuh, anubruk ngaruk. Gentoyang-gentoyong solahe buta terong, nanging galake
kaya singa barong.
Prayitna sang bagus mring krodhane mengsah,
sethithik tan ngrasa gigrig. Tekane gora godha amung kinarya dadya sarana
aneter jiwa kasatriyane. Bawane satriya kang limpad nranggulangi saliring
kewuh, dhasar prawira sekti mandraguna, trengginas trampil ing jurit, sakehe
bebaya gya tinandangan, sakedhap wus prapteng lampus”.
Mangkono mau ujare ki dhalang minangka
pralambang anane napsu ing pribadine manungsa. Perang kembang iku adegan
wayang versi Jawa sabab buta cakil lan kancane asli riptane wong Jawa, semono
uga makna filosofine.
Matine raseksa ing perang kembang nelakake
sirepe napsu, dudu ilange napsu, sabab sasuwene urip ing alam donya manungsa
isih mbutuhake napsu kasebut. Satriya unggul nglawan raseksa nggambarake
manungsa sing bisa ngendhaleni hawa napsune lan ngereh pribadine tumuju mring
kautaman.
Lakon Wahyu
Ing Mahabarata crita sing magepokan karo
wahyu kaprajan, kocape Arjuna kasil anggadhuh wahyu makutharama, dene Abimayu
kuwat nampani wahyu cakraningrat. Sadurunge ngalap wahyu satriya loro iku
nindakake perang kembang nglawan raseksa. Bab iki ateges sakehe sedya utama
kudu adhedhasar tulusing batin, menebing pikir lan sumelehing rasa kanthi bisa
nyerep gora godha hardane napsu pribadi.
Mligi ing lakon wahyu Makutharama, sawise
nyirnakake raseksa Arjuna nerusake laku, munggah gunung Suwelagiri manjing
padhepokan Kutharunggu ing tengahe alas kang kaapit jurang cerung saperlu
ngalap wahyu. Laku munggah gunung diwerdeni wani rekasa amrih katekan
sedyane. Kasembadane gegayuhan tinuku kanthi sarana gedhene lelabuhan,
bebasan ateken janggut suku jaja, tetep dilakoni.
Wahyu iku kanugrahan kang ora wujud.
Tumurune wahyu ora kena diprusa, sabab satemene wahyu sing duwe wewenang milih
sejatine satriya kayadene curiga milih warangkane.
Wahyu Makutharama mujudake ilmu pangageme
Ramawijaya nalika dadi ratu ing Pancawatidhendha. Pepakem iku isi wolung laku
kang disebut Hasthabrata. Hastha wolu brata laku, ya laku wolung prakara sing
diugemi lan ditindakake dening ratu kang ambawani para nayaka lan kawula
sanagara.
Kang klebu laku wolung perkara yaiku laku
hambege kisma, tirta, samirana, samodra, candra, baskara, dahana, lan wukir.
Hasthabrata mengku surasa lelabuhan utama mungguhing nalendra, yaiku kudu
tumindak murah asih, lembah manah, taliti, sabar, amadhangi, andayani,
angrampungi lan teguh santosa.
Kanthi nindakake Hasthabrata mahanani
Ramawijaya kaaran widagda mangembat praja lan disuyudi dening kawula. Tapak
tilas lelabuhane Ramawijaya mangkono iku kang banjur kasebut wahyu Makutharama
pikukuhing praja.
Babare Lelakon
Awit saka tulusing budi lan temene pangudi,
Arjuna pantes nampani wahyu Makutharama kang diwedharake begawan kesawasidhi
kang dhedhepok ing Kutharunggu. Adegan Arjuna nampa wejangan minangka babare
lelakon ya lakune Arjuna anggone ngalap wahyu. Wejangan kang wis ditampa iku
sabanjure dadi pepakem pikukuhing praja mungguhing ratu saka tedhak-turune
Arjuna.
Crita wayang kasebut minangka gegambaran
tumrape manungsa. Perang kembang bisa sawayah-wayah uga ing sadhengah papan
dilakoni manungsa, sanajan ora rumangsa. Babare perang kembang kari mbiji menang
lan orane manungsa anggone perang klawan napsune dhewe. Yen bisa ngredhem
napsu ateges menang, nanging yen isih diereh napsune tegese kalah.
Kejaba nglawan napsune dhewe, manungsa uga
ngadhepi napsune wong liya ing urip saben dinane. Ya ing kanyatan ngene iki
manungsa diteter jiwa kasatriyane ing lelakon uripe. Mula jroning urip
bebrayan manungsa bisaa tansah eling lan waspada, nggedhekake tepa slira, lan
ora ninggal duga prayoga.
Babare lelakone manungsa sesambungan karo
gegayuhan lan pakaryan sing dadi tanggung jawabe. Kasil lan orane mujudi
gegayuhan lan kwajibane mertandhani babare lelakon ing uripe manungsa.
Wektu cedhak iki nagara kita arep duwe gawe
pilihan presiden. Calon-calon presiden iku kayadene satriya kang nedheng-nedhenge
ngalap tumurune wahyu. Pancen ora gampang dadi presiden, akeh godha rencanane
lan bisa teka saka ngendi wae. Ananging tumrape jiwa satriya ora ana gendhing
serik merga kesirik, ora kemba sanajan diundhamana. Lakune satriya mung ngener
jatining sedya anyangkul sesanggeman lan lelabuhan utama.
Sapa kang pantes nampa wahyu? Bab iki isih
dadi cangkriman sing durung gumathok batangane. Prayogane disekseni wae, sapa
sejatine satriya lan kepiye babare lelakon iki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar