Senin, 15 Desember 2014

TULADHA

awakmu dudu artis, dudu pesinetron
dudu bintang film
sing byar saben esuk gawe gandem
kanggo sing ora cekel gawe saben dinane
awakmu mung menungsa lumrah
kepengin obah
yen rambut wis wiwit putih,
ayo pikiran ndang ngalih
geber ndonya mung kari sak pada
dadi cupet kanggo ngisi crita
yen kulit gulumu pating njekethut
ayo cancut
sak renteng emas simpenanmu mbok titipake sapa

yen ujug-ujug ambeganmu pamit lunga


Tidak ada komentar:

Posting Komentar