Kanggone para
sutresna wayang kulit utawa wayang purwa kang fanatik, yen ngrembug bab crita
wayang wis mesthi ora ana enteke. Senadyan karya sastra kuna, nanging kanyatan
nganti pirang-pirang abad isih dadi kabudayan kang adi luhung. Malah wayang
purwa siji-sijine jinis wayang saka maneka warna jinis wayang kang isih
langgeng tekane saiki. Babone wayang purwa kang njupuk crita saka Epos Ramayana
lan Mahabharata, sing asline saka tanah Hindhustan ya Indhia. Ramayana kang den
tulis dening Empu Walmiki utawa Ratnakara, lan Mahabharata dening Resi Byasa
utawa Wyasa.
Ngonceki crita Mahabharata kang
versi asli Indhia lan pedhalangan pancen ora gampang. Ing kene penulis
kepengin ngandharake uneg-uneg kang mbok menawa cengkah klawan para sutresna
liyane. Nanging kabeh mau jer murih becike, lan kabudayan warisan nenek moyang
kita kabeh ora luntur kesilep ing jaman. Wayang di openi kanthi becik lan dadi ”kebanggaan” tumrap
wong Jawa. Wayang malah dadi ajang study lan penelitiyan kang migunani tumrap
sutresnane ing saindenging bumi.
Para pinisepuh ya nenek moyang
kita yen nampa kabudayan saka manca praja perlu disaring lan filtere lembut
banget. Ya krana sing ora jumbuh klawan kapribadene wong Jawa mesthi di ilangi.
Nanging pranyata kabeh mau ora tinemu bener sakabehane. Bab sing tabu utawa
saru kang ora becik kanggone anak putu mbesuk, wis mesthi di owahi. Nanging ana
saperangan sing keselip, crita kang bener malah di tutup kanthi rapet lan
nganti saiki akeh sing ora pana bab silsilah utawa asal-usul, dhinasti, lan
keturunan. Pagelaran wayang saiki mung kakeyan guyon lan campursari sing
ngentek-entekake wektu. Ing ngisor iki penulis kepengin ngandharake antarane
versi Indhia lan Pedhalangan.
1. Dhinasti
Wangsa
Bharata minangka sesebutane ratu-ratu Hastinapura sak bubare Prabu Bharata utawa
Sarwadamana atmajane Prabu Dhusanta lan Dewi Sakuntala. Ratu-ratu sak durunge
Prabu Bharata kanthi gelar Kuru utawa Puru kang kawiwitan saka Prabu Nahusa.
Nanging gelar Kuru pranyata uga sinandhang dening sang Adhipati Kuru
Drestarastra yaiku bapake Kurawa. Banjur pembayune Kurawa oleh gelar Kurupati
yaiku nom-nomane Prabu Duryudana. Kamangka antarane Pandhawa lan Kurawa
padha-padha saka dhinasti Kuru. Ratu-ratu Hastinapura sing turun-tumurun
nganti telung puluh papat mau sejatine mung kandheg ing Bhisma ya Dewabrata.
Malah Dewabrata wis klakon den sengkakake dadi Yuwaraja utawa putra mahkota.
Kang ing tembe gumanti keprabone keng rama Sentanu. Ya krana sang Prabu Sentanu
adreng kepengin palakrama klawan Dewi Satyawati saka praja Wiratha, mula panjaluke
Dewi Setyawati bakal den udaneni. Dewi Setyawati nyuwun yen mbesuk darbe putra,
ya putrane iku kang gumanti narendra. Prabu Sentanu rumangsa kabotan, nanging
Bhisma jejer putra kang bekti mring rama lan bumi Ngastina, mula saguh
nglamarke bapake. Sarta ngilangi kepentingan pribadine nyeleheke yuwaraja
kanggo putrane ibune kwalon. Sak banjure sang Prabu Sentanu lan Dewi Setywati
pinaringan putra loro yaiku Citragada lan Wicitrawirya. Nalika sang Citragada
juneneng nata, den gebag perang dening ratu gandarwa kang aran Citragada uga.
Awit ing ndonya kudu ana sawiji raja kang aran Citragada. Mula nalika tandhing
yuda, Citragada raja Ngastina gugur ing palagan.
Banjur
Wicitrawirya di sengkakake dadi raja Ngastina nggenteni Citragada. Prabu
Wicitrawirya darbe lara mengguk lan lara-laranen. Nalika arep munggah dhampar
keprabon Wicitrawirya dhawah banjur seda. Ratu Setywati rumangsa ngenes
penggalihe krana putra-putrane kang di gadhang wis nemahi pralaya. Saka usule
Bhisma putra kwalone, supaya ibu Setywati golek brahmana suci kanggo upacara
Dewi Ambika lan Ambalika dimen darbe turun. Yen sing paring pangestu brahmana
suci, bocah kasebut tetep sah minangka keturunane raja kang wis seda mau. Dewi
Satyawati kelingan klawan atmajane kang mbarep yaiku Byasa olehe patutan klawan
Resi Parasara. Nalika Setyawati ngusulake Byasa kang nyranani upacarane Dewi
Ambika lan Ambalika mula Bhisma sarujuk. Banjur dewi Ambika peputra
Drestarastra lan Ambalika darbe putra Pandhu. Malah karo dhayang uga darbe
putra yaiku Widura kang lantipe ngungkuli kakang-kakange. Ing versi Mahabharata
mau Drestarastra lan Pandhu nyebutake yen bapake Wicitrawirya. Ateges ora
nyebutake bapak biologis-e kang sejati. Antarane Drestarastra, Pandhu, lan
Widura uga mangerteni yen bapake kang sejati iku Resi Byasa.
Versi
pedhalangan nyebutake yen Byasa ya Begawan Abyasa ora mung nggarwa Dewi Ambika
lan Ambalika nanging malah dadi ratu ing Ngastina. Senadyan critane mung
sedhela banjur lumintir Prabu Pandhudewanata. Yen ngrembug dhinasti kudune sing
oleh sesebutan Kuru ora mung Kurawa nanging uga Pandhawa. Yen ing pedhalangan
nyebutake Bharata Pandhawa. Krana panganggepe Kurawa = Kuru Hawa lan Pandhawa =
Pandhu Hawa. Sesebutan mau nuduhake idhentitase bapake wae dudu dhinasti kang
turun tumurun kayadene Kuru, Puru, lan Bharata.
Perang
Bharatayuda yen versi Mahabharata sing dadi rebutan negara Indraprastha kang
dadi darbeke Pandhawa. Krana para Pandhawa wis rampung ngayahi wanaprastha
lawase 12 warsa ketambah sewarsa umpetan ing negara liya. Ora oleh kadenangan,
yen nganti kadenangan mbaleni maneh 13 taun. Kasunyatane Pandhawa lulus,
Kurawa ora bisa ngonangi. Banjur para Kurawa nyidrani janjine. Temahan dhuta
saka para Pandhawa yaiku Sri Bathara Kresna gagal ngayahi karya. Banjur perang
gedhe dumadi lawase 18 dina. Yen versine pedhalangan sing dadi underane perkara
praja Ngastina sesigar semangka. Kamangka sak bubare Pandhawa dipaeka Kurawa
ing Bale Sigala-gala, Bratasena sowan ana ngarsane Wa Adipati Dhestarastra
nyuwun pengestu arep babad wana Marta. Praja Ngastina dimen kanggo mukti keng
uwa lan kadang Kurawa. Pandhawa arep gawe negara saka asil kringete dhewe. Lha
yen underane Bharatayuda kuwi praja Ngastina, apa ora ateges Bhima kuwi ngidu
di dilat maneh. Mangka Bhima kuwi satriya kang teguh ing pandhirian, ngugemi
jiwa satriya. Njunjung ajining dhiri, sedulur tuwa, bapak-ibu lan para
leluhur-leluhure. Rampung ngayahi wanaprastha Puntadewa isih jumeneng narendra
ing Ngamarta ya Batanakawarsa nganti ngarepake Bharatayuda. Tumapak Bharatayuda
gawe pakuwon kang sinebut Hupalawiya. Banjur sak bubare Bharatayuda Puntadewa
dadi ratu ing Ngestina mung sedhela. Merga Parikesit kajumenengake nata. Yen
versi asline Mahabharata bubar Bharatayuda Yudhistira isih dadi raja ing
Hastinapura lawase 36 taun. Dadi wektu 36 taun kang kepetung suwe mau, kudune
yen ana crita carangan ing pedhalangan rak luwih akeh timbangane Pandhawa
nalika urip ana pambuwangan sing suwene mung 12 taun ketambah setaun umpetan
ing negara liya.
2. Asal-usul Asal-usule
utawa silsilahe para Pandhawa lan Kurawa yen miturut Mahabharata saka
Candrawangsa utawa dhinasti Dewa Candra. Banjur dhinasti Candra mau nurunake
raja-raja ing Hastinapura ya ing Kurujanggala. Lambang kebesarane kerajaan
wujud patung gajah utawa hesti. Ratu-ratu ing Indhia Kuna wilayahe sinebut
Bharatawarsa utawa bangsa Arya. Negara-negara kang madeg ing sakiwa tengene
praja Hastinapura kayata, Panchala, Wiratha (Matsya), Widharba, Nisadha,
Magada, Cedhi, Gandara, Timpuru, Trigarta, Madras, Boja, Matura, Dwaraka,
Indraprastha, lan isih akeh negara liyane. Banjur ing sabrange segara sisih
kidul ana Langka. Mula kanggo mikukuhi praja Hastinapura tansah ngajak
sesrawungan lan mangun kerjasama. Banjur nalika praja disuhi dening raja Pandhu
tansah ana peperangan-peperangan. Kang tujuwane negara-negara cilik gelem
nungkul dadi negara telukan ana ngisore peprentahan praja Hastinapura. Yen ing
versi pedhalangan, negara-negara gedhe kang kondhang mung sethithik kayata,
Ngamarta, Ngastina, Dwarawati, Mandura, Pancala, Wiratha, Ngalengka, Maespati,
Kiskendha, lan Pancawati. Liyane negara cilik-cilik kocape yen pinuju ana crita
Bharatayuda. Jenenge negara-negara ing pedhalangan sing ora nate kasebut racak
crita carangan. Negara sabrang kocape yen ana crita alap-alapan utawa
sayembara.
Wong
tuwane Pandhawa Kurawa iku keturunane para brahmana. Kang kawiwitan saka Resi
Manumayasa, Begawan Sekutrem, Begawan Sakri, Begawan Palasara, Begawan Abyasa,
banjur nurunake Dhestarastra lan Pandhu. Dene Resi Manumayasa mbah
Udheg-udheg-e Pandhawa lan Kurawa iku atmajane Prabu Parikenan, Parikenan
putrane Hyang Bremani, lan Bremani putrane Bathara Brama. Kamangka yen miturut
wong Hindhustan kasta kang dhuwur dhewe iku brahmana timbangane liya-liyane.
Banjur lagi kasta ksatriya kang kalebu para raja-raja lan narpati ing sajerone.
Dadi kudune Pandhawa lan Kurawa luwih bombong dadi turune para begawan timbangane
turune raja. Ya merga padha kepengin dadi panguwasa mau mula ora mikir marang
akehing kurban. Sing kasunyatane nuwuhake pepati gedhen-gedhen tanpa wilangan
kalebu garwa lan putra. 18 dina dadi perang kang nggegirisi. Mula yen sing dadi
rebutan praja Ngastina ateges Pandhawa lan Kurawa kuwi amung nglungguhi klasa
gumelar. Praja yasane para priyagung tedhake bangsa Kuru. Sing sejatine
Pandhawa Kurawa, bapak-bapake, lan simbahe ora wenang dadi raja. Negara
Ngastina rubuh krana turune wong liya braya. Nalika pusaraning praja di
kendhaleni Prabu Sentanu, Prabu Pratipa, lan para raja-raja tus bangsa Kuru ora
ana memungsuhan. Dadi yen versi Mahabharata tansah njunjung silsilah kuwi
pancen ana becike. Krana bombong lan mongkoge putra wayah darbe sarasilah kang
berbudi bawa leksana.
3. Keturunan
Yen
ngrembug bab keturunan wis mesthi kaitane klawan hubungan intim utawa sek lan
anak. Bab mau ora sakabehane bener. Ing versi pedhalangan Dewi Kunthi darbe
putra Suryatmaja utawa Karna kanthi cara mbobot. Nanging linairake liwat
kuping. Kasabab Kunthi mujudake wanita kang isih prawan suci durung palakrama.
Ya kedayan Aji Adhityahredaya utawa Kuntakawekas Ciptatunggal Tanpa Lawan,
peparingane gurune sang Resi Druwasa. Mula kanthi aji-aji mau Kunthi nyuwun
apa wae marang jawata, bakal den pinangkani. Malah jawata kang den puja bakal
rawuh dhewe. Nalika Pandhu mbebedhag ing wana ana kidang pepasihan. Kidang di
panah babar dadi Resi Kimindama lan bojone. Sak durunge mukswa Resi Kimindama
nyepatani Pandhu lan garwane yen saresmi bakal nemahi pati. Pandhu wis mesthi
susah penggalihe. Banjur Kunthi atur pamrayoga bab anggone arsa mateg Aji
Adhityahredaya dimen kagungan putra. Pandhu nayogyani, malah Kunthi uga menehi
mantrane marang Dewi Madrim. Dadi laire Karna, Puntadewa, Werkudara, Arjuna,
Nakula lan Sadewa mau Dewi Kunthi lan Dewi Madrim uga mbobot kaya satataning
wanita lumrah.
Yen
versi Mahabharata, Kunthi kang mateg aji Adhityahredaya peparinge sang guru Rsi
Durwasa kang sepisanan nalika durung palakrama, ngrawuhake Bathara Surya.
Banjur di sorot nganggo astane dewa Surya, Kunthi wis mbopong bayi yaiku Karna.
Kunthi ora mbobot, ateges isih prawan suci. Semono uga nalika Kunthi wis
palakrama klawan Pandhu, Pandhu kang den jarwani bab ngelmu Adityahredaya
banget bungahe. Kunthi anggone ngrawuhake jawata tansah caket klawan Pandhu.
Kunthi banjur ngrawuhake Hyang Yama. Saka astane Bathara Yama paring pangestu,
ora suwe Kunthi wis nampa bayi kakung. Dening Pandhu bayi mau di paringi jeneng
Yudhistira. Sak banjure Dewa Bayu mberkahi putra diparingi asma Bhima. Dewa
Indra mberkahi putra di paringi asma Arjuna. Banjur Dewi Madrim uga nyuwun
diwisik aji mau. Tumuli ngrawuhake Dewa Aswan-Aswin. Banjur pinaringan putra
Nakula lan Sahadewa. Dadi yen Dewi Kunthi dianggep wanita kang mburu senenge
dhewe kaya-kaya ora trep. Utawa wanita pelanyahan, lelemeran lan liya-liyane.
Awit Kunthi iku wanita kang tetep suci lair lan batine. Atmajane narendra gung
binethara, kang tansah ngudi marang ngelmu ing pawiyatan luhur. Tansah setya
marang kakung nganti ora palakrama maneh sawise Pandhu seda. Emane akeh wong
Jawa yen mangerteni crita laire Pandhawa banjur tuwuh gagasan yen Kunthi iku
wanita sedheng. Lha yen Kunthi dudu wanita kang setya tuhu marang kakung, wis
mesthi sak bubare Pandhu seda, milih wae para dewa sing paling disenengi. Sing
wis paring kanugrahan putra. Ngono rak beres. Nanging kasunyatane ora, Kunthi
wanita kang tansah setya, momong para putra-putra ing swasana bungah klawan
susah.
Yen
dipikir pancen ora ketemu nalar lan akal. Wanita darbe anak tanpa lantaran ana
bapak kang nitisake rasa jatine. Nanging perlu di emuti yen caritane para
Pandhawa Kurawa iku dumadi adoh sadurunge taun masehi. Awit jaman-jaman sadurunge
masehi sakabehing ngelmu kebatinan lan goib kaya winongwong dening Gusti Kang
Maha Agung. Sakabehing ucap prasasat idu geni utawa mandi. Mbuh iku ngelmu
kang putih utawa resik utawa ilmu sihir kang mbebayani. Riwayate para
Nabi-nabi Allah sadurunge masehi kabeh darbe Mukjijat kang angel tinemu nalar.
Kaya Nabi Nuh, Ibrahim, Ismail, Musa, lan Nabi Isa. Malah Nabi Isa uga tanpa
darbe rama, awit kanugrahane Allah SWT. Dadi ora amung ana bumi Hindhustan wae,
nanging bumi Arab, Mesir, Palestin, lan liya-liyane uga ndarbeni petuah utawa
daya. Banjur yen riwayate Nabi Muhammad wis kaya peradhaban jaman saiki, yen
perang tatu ya tatu, ora ana aji-aji utawa kasekten. Krana jamane wis jaman
masehi mbok menawa wis kebak sakabehing kadurjanan. Banjur ana crita laire
Wahmuka lan Arimuka saka ari-arine Dewi Amba, Ambika, lan Ambalika putri
satanah Kasi praja Gyantipura. Ana crita maneh yen Jayadrata utawa Tirtanata
raja ing tanah Sindu praja Bwanakeling iku kedadeyan saka kasut (bungkuse)
Werkudara.
Dadi
yen saka pamawase penulis, lairane Pandhawa mau kaya-kaya luwih trep versine
Mahabharata sing ora disanggit maneka warna. Ora beda klawan laire Dewi
Drupadi, yen ing Mahabharata nyebut Dropadi utawa Panchali. Dropadi lair
bebarengan klawan adhine kang aran Drestajumna saka upacara Yadnya. Kang den
adani Raja Dropada ing Pancala. Saka geni upacara yadnya mau, Raja Dropada
kasil darbe putra kang mbesuke den gadhang bisa males wirange keng rama marang
Rsi Drona. Mung emane yen versi Mahabharata Dropadi iku bojone Pandhawa lima.
Bab mau kasabab Dewi Dropadi katitisan Dewi Damayanti garwane Prabu Nala kang
remen kasukan dhadhu. Dadi mbesuk ing jaman Pandhawa Kurawa sang Dewi kudu
tinimbal lair maneh. Garwane ora mung siji nanging lima. Yen versi pedhalangan
garwane Dewi Drupadi mung Prabu Puntadewa wae. Lha yen kanggo bab siji iki,
kaya-kaya penulis sarujuk yen versi pedhalangan. Dadi luwih selaras klawan
budayane wong Jawa.
Wong
tuwane Kurawa yen versi pedhalangan kang darbe watak srei drengki yaiku Dewi
Gendari. Merga tresnane sejatine kepanduk marang Pandhu nanging Gendari dipilih
dening Drestarastra. Mula Gendari banjur upata mbesuk tedhak turune Gendari
lan Pandhu dadi mungsuh bebuyutan. Saya maneh Gendari diombyongi klawan adhine
kang aran Sengkuni sang julig pandhedher winih memungsuhan. Yen versi
Mahabharata Gendari mujudake wanita kang alus budi pakartine. Wicarane ora nate
nglarani marang sedulur utawa liyan. Malah Gendari ing Mahabharata wanita kang
lila legawa ginarwa marang priya wuta. Sing darbe watak ala ora liya ya mung
Drestarastra dhewe kang gagal nglungguhi dhampar praja Ngastina. Awit miturut
pranatan wong wuta ora bisa nyekel pusaraning praja. Nganti Drestarastra
kepancing marang wicarane Sengkuni kang golek untunge dhewe. Temahan
Bharatayuda ora bisa diselaki maneh.
Mula,
ora ateges penulis iki cumanthaka wani ngonceki bab wanita ing pewayangan utamane
Dewi Kunthi Talibrata ibune Pandhawa. Nadyan Mahabharata lan pedhalanagan akeh
cengkahe dakira ora perlu digawe sabab. Kabeh mau ana keluwihane uga ana
kekurangane. Kang becik kanggo tepa patuladhan lan kang ala den buwang adoh.
Ora ateges penulis golek benere dhewe. Nanging kaya luwih pas bebarengan
mbenerake barang kang kleru. Awit kabudayan kang adi luhung iku tundhane bisa
aweh wawasan marang para putra wayah ing mbesuk. Aja nganti bab-bab kang ala
ing jagading pewayangan iku tansah dadi pocapan kang negatip lan geguyonan.
Apamaneh nyonto marang tindak ora bener. Yen wanita ing pewayangan iku finalis
wanita kang setya tuhu marang kakung, mbok menawa mung ana papat, yaiku : Dewi
Kunthi, Dewi Setyawati garwane Prabu Salya, Dewi Siti Sendari, lan Dewi Amba
kang katulak dening Bhisma Dewabrata. Satemah den belani nganti sukmane methuk
sak bubare Duryudana gugur. Mula yen dipikir wis ngliwati pirang puluh taun wae
sukmane Dewi Amba ngumbara ing alam antara. Muga-muga sethithik gagasan iki
bisa nambahi wawasan lan tambah ngelmu pewayangan tumrap dhiri pribadine penulis
lan para sutresna udyana iki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar