
Bathari Durga
sing njilma wujud Dewi Kunti iku banjur andon wasis lan andon ilmu bab
sejatining lanang, sejatining wadon kalawan Sahadewa. Sawise dibabar kabeh,
Dewi Kunti daden-daden iku banjur njaluk saresmi kalawan Sahadewa. Ananging
Sahadewa nampik pepenginane Dewi Kunti daden-daden iku amarga kelingan yen Dewi
Kunti iku ibune. Dewi Kunti daden-daden tetep meksa pengin saresmi kalawan
Sahadewa, ananging Sahadewa milih mlayu ninggalake. Dewi Kunti daden-daden
banjur nyuwek sandhangane lan wadul marang Werkudara.
Bima dadi lan
nesune nalika weruh kaanane Dewi Kunti (daden-daden iku). Luwih-luwih sawise
ngerti yen suweke sandhangane iku amarga pokale Sahadewa. Tanpa suka
kalodhangan tumrap Sahadewa kanggo njlentrehake apa sing kedaden satemene, Bima
banjur ngajar Sahadewa sakkatoge. Sahadewa uga banjur diguwang ing Sumur Upas
engga nemahi pati. Sawijining dina, Dewi Srenggana dan Dewi Srenggini ngimpi
dadi sisihane ragile Pandhawa, yaiku si kembar Nakula dan Sahadewa. Sahadewa
sing ditemokake mati banjur diuripake maneh dening Resi Badawanganala.
Sawise takon
tinakokan kalawan Sahadewa, Resi Badawanganala banjur nemokake Sahadewa kalawan
anake wadon. Sahadewa arep dijodhokake kalawan salah sijine anake kembar iku.
Putri kembar anake Badawanganala ora kabotan waton Sahadewa bisa napsirake ilmu
sejatining lanang, sejatining wadon. Wusana Sahadewa kasil ndhudhah lan
napsirake ilmu kasebut. Putri loro kembar iku dening Resi Badawanganala banjur
dipasrahake marang Sahadewa, sabanjure diboyong tumuju Amarta utawa Amerta.
Satekane ing
Endraprasta, Sahadewa lan Nakula bisa males tumindake Dewi Kunti daden-daden
lumantar pitulungane Semar. Dewi Kunti banjur badar maneh ing wujud sakawit,
yaiku Bathari Durga. Bathari Durga banjur sumingkir tumuju Krendayana ing
pasetran Ganda Umayi utawa Gandamayit. Wusana, Dewi Srenggana utawa
Srengganawati dhaup lan Nakula, dene Dewi Srenggini utawa Srengginiwati tetep
dadi sisihane Sahadewa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar