Ka’bah
Kairing
assalamu’alaikum tak dhodhog korining atimu
Tanpa
kendhat tak aturke puji syukur ing ngarsane
Illahi
Robbi
Sinambi
tansah ngagungake asmaMu
Ngalembana
kamulyanMu
Hamemuji
kasucenMu
Ya
Allah
Cahya
sumunar saka endahing wewangunanmu
Cumlorot
gumebyar gilar-gilar pelataran kang gumelar
Rinengga
dedeg pideksa pilar-pilar Baitul Rahman
kang
mageri
Endahing
sesawangan nunjem telenging ati
Nggeterake
qalbu lan nurani
Angrangin
suwarane adzan ngumandhang
Mijil
saka menara-menara gagah merbawani
kang
amayungi
Aku
ngadeg njegegreg kamitenggengen
Kanthi
ati kebak panyandra pangalembana
Marang
apa kang ngegla wela-wela sakngarepe netra
Mbaka
siji luhku tumetes
Nelesi
gumilape pelataran marmer kang meneng ambisu
Sengkut
ngetung ewoning jangkah para jamaah
tamune
Allah
Ya
Allah
Muga
keparenga dlamakanku kang kebak reridhu
Jumangkah
hangubengi ka’bah
Aku
nglenggana dhuh Gusti
amung
marga pinaringan inayah lan hidayahMu
para
jamaah iku, kalebu aku
kang
tansah anyukuri marang sakabehing peparingMu
saha
ikhlas nindakake dhawuh-dhawuhMu
Nyingkur
apa kang dadi wewalerMu
Kepareng
ngidak bumimu kang suci satuhu
Ka’bah
Ing
pangkonmu aku sedhekah amarikelu
Tak
wasuh dosa-dosa kang nglelemerti raga
Ri
ri bebondhotan kang ngracuti ati
Tak
pendhem jero ing ngisoring beteng taqwa
lan
imanku
Ka’bah
Ngrumangsani
yen mung jejere titah sawantah
Aku
pasrah sumarah
Muga
ingapura sak kabehing dosa-dosa
Tinebihna
saka godha pamilutan para drubiksa
Tansah
pinayungan kawilujengan katentreman
Ginanjar
barokah inayah lan hidayah sak wayah-wayah
Ing
tembe kinanthi para malaikat
Nyecep
madu kanikmataning alam kaswargan
Lamat-lamat
saka kadohan
Kapireng
endahe dzikir lan shalawat nabi
Kadya
kekidungane para widodari
Ing
taman surgawi
Ka’bah
Kiblating
manembah para muslim muslimah,
Jiwa
ragaku pancen wis bali
Nanging
Ati
lan sanubariku
isih
keri
Nganti
saiki
Tidak ada komentar:
Posting Komentar