Ngadhepake pileg
Pating
tremplek photone para caleg
Jare
si dhadhap lan si waru
Photone
caleg iku lucu-lucu
Ana
sing bagus, aja-aja ambune prengus
Ana
sing ayu, aja-aja tutuke mambu
Ana
sing luwes, aja-aja mengko marahi mules
Ana
sing lemu, aja-aja yen sidhang disambi turu
Ana
sing mrengut, aja-aja yen sidhang mung gawe ribut
Si
dhadhap lan si waru…..
Bingung
milih sing bagus apa sing ayu
Wusanane
mung bisa padha ngguyu
Ha..ha..ha..hi..hi..hi…hu..hu..hu
pancen
lucu……
Ngadhepake
pemilu
Bener
kandhane si dhadhap lan si waru
Para
caleg ngumbar esem ngumbar guyu
Ing
sadhengah papan lan wanci
Ana
ing alun-alun apa aneng panti
Ora
awan ora bengi
Para
caleg padha ngobral janji
Jare
arep ngajak rakyat urip mukti
Wektu
iki……
Para
caleg golek simpati
Kabeh
caleg padha ngaku paling mumpuni
Kabeh
caleg padha janji ora arep korupsi
Kabeh
caleg padha muni
ora
arep mentingake dhiri pribadi
Kabeh
caleg padha kandha
kepengin
bakal mulyakake bangsa lan negara
Si
dhadhap lan si waru padha ngguyu…ha ha ha hi hi hi
Jroning
atine ana rasa sangga runggi
Iki
tenan apa ngapusi…….?
Rakyat
cilik ora butuh janji
Nanging……
butuh bukti…!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar