Dak etung-etung sedane bapak ki wis rong puluhan
taun kepungkur. Dumadakan wae aku kok gawang-gawang kelingan dhawuh piwelinge
almarhum telung dina sadurunge seda biyen. Mangka selawase iki aku malah ora
tau nggagas, awit rumangsaku ora penting.
Dhek semana, nalika bapak wiwit krasa ora kepenak
salirane, klekaran ing amben dak tunggoni ing sandhinge, bapak ngendika:
“Le, ing desa kelairane Bapak kana, ana wong wadon
tuwa jenenge Narsih. Nadyan dudu sanak kadang, anggepen iku kaya wong tuwamu
dhewek.”
“Lha wonten napa ta, Pak?” aturku miterang marang
bapak.
“Ora ana apa-apa, ya mung mesakake. Uripe ajeg
nandhang prihatin, kesrakat dhasar ora anak-anak pisan.”
Wangsulanku mung cekak: “Inggih”. Sateruse ora tau
tak gagas. Nanging dumadakan saiki aku kok gawang-gawang kelingan, sawise rong
puluh taun mungkur.
Aku kok banjur dadi rumangsa salah karo bapak.
Luwih rumangsa salah maneh yen saiki wonge tetela wis ora ana. Mula aku banjur
menyang desa Trucuk, desa kelairane bapakku, nggoleki wong wadon tuwa sing
jenenge Narsih.
Sakawit aku rada bingung. Saben wong dak takoni
ngaku ora ngerti wong sing jenenge Narsih. Aku banjur nemoni Pak Warsa, wong
tuwa ing kono sing umure wis kliwat wolung puluh taun. Kanyata bener dheweke
ngerti.
“O, niku ya Arjasasmita, griyane sisih kidul
ngrika,” ucape pak Warsa,
“Ngga, kula terke mrika.”
Nalika tekan ing omahe, aku ngungun. Wong iku wis
tuwa banget, nanging isih awas pandulune, isih tegen pangrungune, lan isih
jejeg adege. Pak Warsa ndhisiki gunem:
“Yu Arja, kowe kelingan Mas Kardi biyen kae pa
ora?”
“Ya mesthi kelingan ta,” saure wong wadon iku
kanthi swara kang isih cetha. “
Ana apa? Mas Kardi rak wis seda, wis suwe
banget.”
Pak Warsa nuding aku karo omong:
“Iki anake mas Kardi, arep duwe atur marang kowe.”
Wong wadon tuwa kang isih awas iku kedhep tesmak
nyawang aku. Nuli kawetu pitakone:
“Ana apa nak? Bapakmu rak wis suwe banget seda?”
“Inggih Bu, sampun kalih dasa taun sepriki,”
saurku karo rada nyaket lungguhku. “Rumiyin, tigang dinten saderengipun seda,
bapak weling dhateng kula makaten: “Ing desa kelairanku ana wong wadon tuwa
jenenge Narsih. Nadyan dudu sanak dudu kadang, anggepen iku kaya wong tuwamu
dhewe.” Nalika kula miterang, bapak namung dhawuh: Mesakke, uripe ajeg nandhang
prihatin lan rekasa, mangka ora duwe anak.”
Krungu gunemku mangkono, wong wadon sepuh iku
mbrebes mili. Mripate nyawang adoh, kaya lagi ngangen-angen sawiji-wiji.
Banjur……….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar