ING Pucanglaban,
Tulungagung, wayang kejaba kanggo hiburan uga kanggo ngusir roh jahat.
Tuladhane, yen ana acara bersih desa ing laladan kecamatan kasebut sing mesthi
nanggap wayang lan ngruwat nganggo wayang. Mula yen arep ngrembug wayang, kita
kudhu njingglengi dhisik modhel omah tradhisional Jawa. Amarga kita bakal nemokake
perangan-perangan kang kinaran emper, pendhapa, omah mburi, gandhok, senthong,
lan perangan kang kinaran “pringgitan”, yaiku perangan kang ngubungake
(nyambungake) pendhapa karo omah mburi.
Geneya perangan iki kinaran
pringgitan? Mbokmenawa kita saiki wis ora nate ngrembug (mikirake). Pringgitan
yaiku papan kanggo nggelar ringgit. Lan tembung “ringgit” iki yaiku wujud alus
(krama) saka tembung “wayang”. Ing basa Jawa alus utawa krama, pagelaran wayang
kinaran “ringgitan”. Ing wujud ngoko kinaran “wayangan”. Cethane, nalika
mbangun omah, wong Jawa wis nduweni niyat kanggo nyedhiyani papan mligine
kanggo pagelaran wayang. Iki nduduhake mendahneya kuwate pengaruh wayang ing
panguripane wong Jawa. Mula saka iku, saben ana wong Jawa duwe gawe lan ngruwat
banjur nanggap wayang. Semono uga nalika ana bersih desa banjur diruwat
nganggo wayang.
Perlu kawuningan, wayang
tumrap masyarakat Jawa ora mung saderma “tontonan” ning uga “tuntunan”. Wayang
ora saderma minangka sarana hiburan, ning uga minangka media komunikasi, media
penyuluhan lan media pendhidhikan. Malah wayang uga minangka wahana pangabdian
dhalang. Mula saka iku, nonton pagelaran wayang ora nate waleh nadyan crita lan
lakone mung iku-iku wae.
Yen nitik saka upaya
ngrembakakake Jawa, fungsi lelorone wayang kasebut, yaiku: fungsi tontonan lan
fungsi tuntunan, kabeh perlu oleh kawigaten ing pembinaan wayang. Lelorone
perlu tansah dijaga lan ditingkatake kuwalitase amrih tansah bisa lestari.
Sapa wae sing kudu nduweni kuwajiban njaga? Jawabane yaiku: sapa wae sing
nduweni kesadharan rumangsa melu handarbeni seni pewayangan iki. Amarga
wayang identik karo budaya Jawa, sing nduweni kuwajiban njaga ya banjur identik
karo masyarakat Jawa.
Ing Desa Sumberbendo,
Kecamatan Pucanglaban, pemerintah desa wis suwe anggone nandur kesadharan
marang kabeh pamong desa supaya nyadhari yen dheweke ora mung minangka pamong
desa ning uga minangka pamong budaya. Mula saka iku, ing desa kasebut banjur
lair paguyuban wayang wong Lestari Widada kang lestari nganti saiki.
Kamangka akeh paguyuban
wayang wong ing Kabupaten Tulungagung sing wis padha mati, yagene paguyuban wayang
wong Lestari Widada kok isih urip nganti saiki. Apa merga kadhung cocog karo
jenenge Lestari Widada? Apa merga kadhung pener anggone njenangake abang? Ning
geneya kok malah kondhang karan wayang Padhas? Apa merga wayang wong Lestari
Widada kuwi lair ing dhusun Padhas?
Ngrembug wayang wong
Lestari Widada saka dhusun Padhas Desa Sumberbendo, Kecamatan Pucanglaban pancen
ora uwal saka asma Dimin. Jer bayi Lestari Widada pancen lair saka gagasane
seniman panggung kasebut. Mulane dhek taun 1927 banjur nglumpukake warga
masyarakat dhusun Padhas sing dhemen karo seni panggung utawa seni pertunjukan.
Nalika iku sing nggabung wiwit bakul lawang nganti bayan.
Miturut katrangan sesepuh
wayang Padhas, Bayan Suwadi (75), sadurunge wayang wong Lestari Widada lair
sing ana dhisik ing dhusun Padhas ya Andhe-andhe Lumut. Ndilalah ing sawijining
dina salah sijine anggota Andhe-andhe Lumut kasebut nemu kuluke Baladewa ing
Sala. Nalika iku kapinujon dalane banjir. Anehe, iline banyu ngulon, ning
kintire kuluk mau malah ngetan. Mulane banjur dijupuk lan digawa mulih. Bareng
ditakokake marang wong tuwa jarene ana sawabe. Sabanjure disimpen ana senthong
tengah. Merga kedadeyane wis suwe banjur ora ana sing ngerti babar pisan, sapa
sing nemu kuluke Baladewa kasebut? Sing cetha nganti saiki isih ana lan tansah
diuri-uri lan diopeni.
Liya dina sawise wayang
wong Lestari Widada lair dadak ana kedadeyan aneh. Ana bocah cilik telu padha
adus ana papan padusan Belik Citra utawa Belik Ringin. Ndilalah sing siji
ndadak kecemplung belik. Bareng dienteni nganti setengah jam ora
njedhul-njedhul. Mulane kancane dadi bingung. Sabanjure wadul marang wong
tuwane. Bareng digogoni nganti sakjaman uga ora ketemu. Wong tuwane banjur
katut bingung pisan.
Saking bingunge banjur
ujar, yen sawayah-wayah anake ketemu isih urip arep ditanggapake wayang Padhas.
Ndilalah bareng anake ketemu isih diparingi slamet dening Gusti Allah. Ya
wiwit kuwi nganti saiki wayang wong Lestari Widada alias wayang Padhas banjur
ditanggap kanggo ngluwari ujar lan ngusir roh jahat.
Biyasane sing nanggap wong
bakulan oleh rejeki akeh, wong sing dadi pejabat sawise entuk pangkat, wong
sing lelungan menyang luar negeri sawise entuk dhuwit sak truk, wong sing
nandhang lara nemen ora mari-mari. Ning uga ana wong sing saben rong taun
sepisan mesthi nanggap. Wong kasebut asmane Slamet (54) warga Desa Demuk.
Nganti saiki (2013) wis kaping telu anggone nanggap. Durung suwe iki (pase dhek
dina Minggu Pon, 30 Nopember 2013) malah ditanggap kanggo ngusir roh jahat ing
Desa Sumberbendo.
Sing jenenge ngusir roh
jahat sing duwe gawe ngusir mesthi wong sa-desa. Mula saka kuwi sing repot uga
wong akeh. Mula sadurunge acara ngusir roh jahat diwiwiti, isih esuk
uthuk-uthuk (watara jam 7-an) ibu-ibu wis padha ibut nyiapake ubarampe
sesaji kanggo ngusir roh jahat. Ya krana anggone ngusir roh jahat nganggo
sarana wayang wong, ubarampe sesaji sing disiyapake ya padha karo ubarampe
sesajine wayang wong. Ubarampe sesajine ana loro, yaiku: ubarampe sesaji
kanggo sajen lan ubarampe sesaji kanggo slametan.
Ubarampe sesaji kanggo
sajen antara liya yaiku: cok bakal isih endhog, badheg, kemiri, cabe, kunir,
kembang boreh, bawang brambang, lan dhuwit receh (klithik). Gedhang
setangkep, beras kuning, kupat luwar, lenga mambu, menyan, lan rokok klobot.
Dene ubarampe sesaji kanggo slametan antara liya yaiku: panggang ayam sega
gurih, sega golong, sega mule, buceng kuwat, lan jenang abang.
Yen ditanggap dening wong,
ubarampe sesaji kanggo sajen biyasane dideleh ana senthong tengah. Ya krana
kanggo ngusir roh jahat, ubarampe sesaji kanggo sajen banjur dideleh ana mburi
panggung (geber), ora ana senthong tengah. Semono uga ubarampe sesaji kanggo
slametan, uga dideleh ana kono. Mung bedane, yen ubarampe sesaji kanggo sajen
olehe dipangan yen wis pagelaran wayang rampung. Lha yen ubarampe sesaji
kanggo slametan olehe dipangan yen dikajadake lan didongani dening pangarsa
(sesepuh) paguyuban wayang wong Lestari Widodo.
Sorene, sadurunge acara
ngusir roh jahat diwiwiti bengine, dianakake acara karnaval mubeng desa.
Pesertane warga masyarakat lan bocah-bocah sekolah. Ana sing macak dadi wong
tani uga ana sing macak nelayan numpak kura. Ana sing reyogan uga ana sing
macak wayang wong. Dene ing acara ngusir roh jahat bengi iku diwiwiti kanthi
jejeran negara Ngamarta. Pandhawa pepak, Kresna lan Baladewa uga ana. Tamune
Jaya Anggada saka negara Pancawati. Tujuwane arep nyilih pusaka Payung Tunggul
Naga lan Jamus Kalimasada. Dene alasane nyilih, merga negarane kena pageblug.
Adegan ka-2, dumadine
perang antarane Baladewa lan Jaya Anggada, merga ora disilihi pusaka Payung
Tunggal Naga lan Jamus Kalimasada. Bubar kuwi dibacutake jejeran negara
Ngalengka. Dasamuka, Indrajit, lan Patih Prahastha ngrembug Dewi Sinta kang
nitis menyang Dewi Sembadra. Nalika jejeran iki, ing mburi panggung
dilaksanakake acara slametan kanggo ngusir roh jahat. Sing ngajadne wektu iku
ya Abdul Gani (pangarsa wayang wong Lestari Widada). Dene sing murak berkat ya
para pemaine wayang wong (dipurak wektu acara gara-gara).
Unike, ing pagelaran wayang
wong iki sadurunge ora ana acara gladhen. Kabeh pemain mung dikandhani yen
dheweke mengko muni apa ing dhuwur panggung. Sing kapatah ngandhani ya sesepuh
wayang Padhas.
Lucune maneh, ana salah
siji pemaine sing maune lara boyok langsung mari bareng krungu yen wayang
Padhas arep ditanggap kanggo ngusir roh jahat. Wong kasebut ngakune jenenge
Ngali. Biyasane dhapukan yen ora punakawan ya buta.
Wektu iki ing dhusun Padhas
pancen wayahe usume wong sregep-sregepe menyang sawah lan pategalan. Sebab,
mangsa udan wektu wis teka. Ya krana saking sregepe, Ngali banjur lara boyoken.
Merga lara boyoke ora mari-mari, dheweke banjur ujar yen lara boyoke mengko
mari arep mayang kanggo ngusir roh jahat. Ndilalah ing dina candhake kok ya
mari, mula ing acara ngusir roh jahat kasebut banjur mayang tenan, lan dhapuk
kethek biru.
Yen nitik ubarampe sesaji
kanggo slametan ana kupat luware mesthi ana sing ujar utawa sing diruwat.
Banjur sapa? Yen sing diruwat cetha, kabeh warga Desa Sumberbendo. Lha yen sing
ujar, embuh! Sing cetha mantan Kades Sunari Gandos kepilih maneh dadi Kades ing
Desa Sumberbendo.
Perlu kawuningan, ya merga
ditanggap kanggo ngluwari ujar utawa ngusir roh jahat kuwi, wayang Padhas saka
laladan Kecamatan Pucanglaban iki siji-sijine wayang wong ing Kabupaten Tulungagung
sing isih lestari nganti saiki. Mulane dening masyarakat sakitere dhusun Padhas
banjur dikramatake. Mulane wayang Padhas banjur katelah wayang misteri.
Kejaba iku, ora kabeh wong
kuwat nganggo kuluke Baladewa. Mulane banjur digawekake imitasine. Semono uga
yen sajene ora pepak utawa kuluke Baladewa sing asli (olehe nemu ing Sala) keri
bakal nyengeki anake sing nanggap. Mulane nalika ditanggap kanggo ngusir roh
jahat kuluke Baladewa sing asli uga ora lali diselehake ing sandhuwure sajen.
Sadurunge wayang Lestari
Widada dipimpin dening Abdul Gani uga wis nate dipimpin dening Dimin, Maidi lan
Marsim. Ya merga wayang wong iki wis ngrembaka nganti turun-temurun, penguruse
sing saiki banjur padha ora ngerti. Kapan madege paguyuban wayang wong Lestari
Widada alias wayang Padhas kuwi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar