Omah cekli madhep ngetan. Pinggir lurung cilik, durung
kambon aspal. Pager wesi ireng dikombinasi tembok rupa oranye. Sanajan mapane
neng njero desa, cedhak tegal papringan, nanging latare wis dipaving. Rupa
abang. Tanduran kembang kaya taman Sri Wedari. Ana kembang mawar, melathi air,
sawernane anggrek saka Bandung, bogenvile, sawernane semboja Jepang, treecolor,
pulpen, lan eporbia. Wit rambutan rada dhuwur uga neng latar ngarep. Cedhak
kembang-kembang kuwi. Wit rambutan aceh kuwi ketoke wiwit metu pentile. Isih
ijo-ijo. Cekake asri!
Mlebu njero kamar
tamu ukuran 3 x 4 ing pojok kidul ana kembang gelombang cinta diseleh neng
ndhuwur meja. Nambahi asrine kahanan. Ing tembok bujur sangkar kuwi pating canthel
pigura. Ana foto pribadhine sing duwe omah. Dipasang neng sisih wetan, rong pigora.
Tembok sisih kidul ana gambar-gambar seni kayata, ludrug, Reyog Ponorogo, lan
langen tayub. Gambar-gambar seni kuwi klebu aliran naturalis.
Tembok sisih kulon ana rong jenis . Sijine gambar
vignyet memper wong wadon nyuling. Kiwane ngono ana wayang kulit. Asli kulit
sapi! Prabu Kresna kaadhep Abimanyu lan emban. Ing tengahe ana gunugan. Dene
sisih elor, ana pigora telu mawa gambar wayang Bayu, Anoman, lan Werkudara.
Nitik anggone dhemen nata barang seni lan kekembangan mau, nuduhake yen
sing duwe omah nduweni jiwa seni.
Lukisan ludrug sing dipasang neng tembok sisih kidul,
ndhuwur jendhela, wis tau ditakokne Mas Aryo, kolektor seni lukis. Diregani Rp
3 juta. Nanging durung diwenehake. Ora merga eman, nanging gambar kuwi
sejatine ora duwe nilai seni sing dhuwur. Manut sing nglukis! Yagene ora
diwenehake? Sajake sing duwe gambar mau durung butuh dhuwit! Gambar Langen
Beksan sisi kiwane uga wis dinyang Mas Muhni Rp 2,5 juta, dhuwite dicicil ping
telu. Uga ora diwenehake. Kamangka yen nganti keprungu sing wedok,
gambar-gambar kuwi mesthi wis diculake! Dhik Sumo, asli Ponorogo, ketoke iya
kepranan karo lukisan Reyog sing dipajang sisih wetane gambar Ludrug. Dhik
Sumo wani ngedhukne dhuwit Rp 6 juta, jreng! Embuh kesengsem karo gambare, apa
pancen kemlinthi saploke nyambut gawe neng Jakarta?
“Bisa
uga merga ora ngerti seni, beke!” semantane Lik Ganjur, nalika krungu bab kuwi.
“Aja
ngono, Lik,” kandhane Usman, sing duwe lukisan-lukisan kuwi ngendhoni.” Ngerti
apa ora marang seni, ora masalah. Sing baku wis wani nganyang! Tegese, sithik
akeh ngregani seni lan senimane!”
Kuwi kandhane karo Lik Ganjur, abene. Sawetara minggu
kepungkur. Nalika Lik Ganjur karo bojone ngeteri undangan. Awan, bakda Dhuhur,
Pakdhe Jaenal teka. Sawise bage-binage banjur………
Tidak ada komentar:
Posting Komentar