Nalika pisanan sliramu crita
Dakrungokake kanthi permati
Dakrewangi golek solusi
Nalika kapindho sliramu crita
Dakjinglengi siji mbaka siji
Daknasehati, daksemangati
Nalika ketelu sliramu crita
Kok panggah kaya wingi uni?
Solusiku kae ora kokreken
Pituturku kae ora kokrewes
Apa merga akeh sing kandha
Jarene tresna iku wuta??
Nalika kapapat sliramu crita
Dakrungokake mlebu kuping tengen
metu kuping kiwa
Sliramu isih ajeg bae, Ah…marai aku bosen iki
Nalika kalima sliramu crita
Sakarepmu lah….
Prinsipe dhewe wis beda
Tidak ada komentar:
Posting Komentar