Kamis, 27 November 2014

MUNG IRAH-IRAHAN

Sawijining sore, Prasojo mlebu toko kelontonge Pak Marno arep golek alteco kanggo nge­lem sepatune kang wis mangap-mangap. Ketemune dheweke malah ke­na semprot, dikrampyang sake­nyoh-kenyohe dening Bu Marno. Ndadak isih karo dituding-tuding ngan­ti kaya arep diculeg-culeg mripa
“Wong ora ngilo githok ki ya kowe, Pras. Bobotmu ki sepira kok arep ngesir Wulan. Mbok nyebut ta, Le…! Kowe kuwi mung anak kuli. Bapakmu, mbokmu ki uripe saka kebon ceng­kehku. Buruh ngundhuh, ngangkut, mepe lan nyortir cengkeh. Ning kok olehmu nranyak, wani-wanine kowe ngglandhang Wulan neng kebon ceng­keh wetan desa kok gawa ing eng­gon sepi. Arep kok apakake Wu­lan, hei?!!”
Omongan kang rasane pedhes, getir, pait, sepet, kecut campur adhuk dadi siji. Ora enak, nganti nyogrok te­lak. Prasojo kaya kethek ditulup. Ora mu­dheng marang omongane Bu Marno. Atine remuk rempu. Naluri kamanungsane kaya gugat-gugata. Ajining dhirine wis diidak-idak Bu Marno ing ngarepane wong akeh. Jer wektu iku wayah nedheng-nedhenge wong-wong padha blanja.
“Piala aja kok wales piala, Pras. Tandu­kana wong kang gawe piala kelawan asih tresna. Elinga, gawe pitenah marang wong becik-becik padha karo ngidoni awang-awang. Kang temahane bakal nyiprat ing raine dhewe,” panglipuring ati nuranine.
Prasojo malih blangkeman. Raine kan­del, nggedebel kadaya rasa isin kang ngum­puk-umpuk. Arep nglungani? Mengko dikira rumangsa nglakoni. Kamangka tena­ne ora. Huh. Salah tingkah! Ora ngira ba­bar pisan. Dumadakan, ing kahanan bi­ngung kudu tumindak kepriye mangkono mau, Prasojo weruh Wulan gidro nyedhak ibune karo kembeng-kembeng mripate. Wong-wong sing ana toko kono padha domblong.
“Ibu! Sampun ngendika ingkang mbo­ten-mboten ngaten. Prasojo menika ing­kang mitulungi kula. Dene ingkang badhe nggonjak kula wekdal nembe ngendhangi kebon cengkeh rikala Rebo sonten menika malah Rujoto. Tujunipun, Pras ingkang nem­be wangsul les saking sekolahanipun, nyumerepi kedadosan menika. Kula dipun tulungi saengga piyambakipun gelut kali­yan Rujoto. Mangga, samenika Rujoto dipun dhatengaken wonten ngriki. Dipun larah perkawisipun!”
Tanpa omong Bu Marno banjur sem­paret lunga. Raine abang ireng, mripate mecuntheng. Mlebu omah mburi, omah kang kanggo kulawarga lan kaya diuncala­ke, sedhela wae Bu Marno wis bali tekan ngarepe Wulan lan Prasojo maneh.
“Iki Rujoto!” ujare Bu Marno santak karo ngathung-ngathungake layang persis ing ngarep mripate Wulan. Sabanjure ing ngarep raine Prasojo kang saya kaya dibe­bingung pikire. Wulan kaya tugu. Nggeget untu. Ambegane diulu. Rasa lan nalare padu. Dahuru!
“Kowe ora usah neka-neka. Wingi Ru­jo­to minggat. Dheweke kisinan jalaran kalah gelut karo Prasojo, bedhes elek sing arep ngrusak kahormatanmu. Elinga, ko­we kuwi ndara putrine Rujoto, Wulan. Dhe­weke rumangsa duwe tanggung jawab marang keslametanmu. Nyoh, iki. Waca­nen layang sing ditinggal. Ayo, diwaca!”


Wulan gurawalan ngranggeh layang saka tangane ibune. Diwaca wekasane layang banjur……




Tidak ada komentar:

Posting Komentar