Rabu, 03 Desember 2014

TINGGALANE BAPAK

Dak etung-etung sedane bapak ki wis rong puluhan taun ke­pungkur. Dumadakan wae aku kok gawang-gawang kelingan dhawuh piwelinge almarhum telung dina sadu­runge seda biyen. Mangka selawase iki aku malah ora tau nggagas, awit ru­mang­saku ora penting.

Dhek semana, nalika bapak wiwit krasa ora kepenak salirane, klekaran ing amben dak tunggoni ing sandhinge, ba­pak ngendika:

“Le, ing desa kelairane Bapak kana, ana wong wadon tuwa jenenge Narsih. Nadyan dudu sanak kadang, anggepen iku kaya wong tuwamu dhewek.”

“Lha wonten napa ta, Pak?” aturku mi­terang marang bapak.

“Ora ana apa-apa, ya mung mesak­ake. Uripe ajeg nandhang prihatin, ke­sra­kat dhasar ora anak-anak pisan.”

Wangsulanku mung cekak: “Inggih”. Sateruse ora tau tak gagas. Nanging du­madakan saiki aku kok gawang-gawang kelingan, sawise rong puluh taun mung­kur.

Aku kok banjur dadi rumangsa salah karo bapak. Luwih rumangsa salah ma­neh yen saiki wonge tetela wis ora ana. Mula aku banjur menyang desa Trucuk, desa kelairane bapakku, nggoleki wong wadon tuwa sing jenenge Narsih.

Sakawit aku rada bingung. Saben wong dak takoni ngaku ora ngerti wong sing jenenge Narsih. Aku banjur nemoni Pak Warsa, wong tuwa ing kono sing umure wis kliwat wolung puluh taun. Kanyata bener dheweke ngerti.

“O, niku ya Arjasasmita, griyane sisih kidul ngrika,” ucape pak Warsa,
“Ngga, kula terke mrika.”

Nalika tekan ing omahe, aku ngu­ngun. Wong iku wis tuwa banget, na­nging isih awas pandulune, isih tegen pangrungune, lan isih jejeg adege. Pak Warsa ndhisiki gunem:

“Yu Arja, kowe ke­lingan Mas Kardi biyen kae pa ora?”

“Ya mesthi keli­ngan ta,” saure wong wadon iku kanthi swa­ra kang isih cetha. “

Ana apa? Mas Kardi rak wis seda, wis su­we banget.”
Pak Warsa nuding aku karo omong:

“Iki anake mas Kar­di, arep duwe atur marang kowe.”

Wong wadon tuwa kang isih awas iku ke­dhep tesmak nya­wang aku. Nuli kawe­tu pitakone:
“Ana apa nak? Ba­pakmu rak wis suwe banget seda?”

“Inggih Bu, sam­pun kalih dasa taun sepriki,” saurku karo rada nyaket lungguh­ku. “Rumiyin, tigang dinten saderengipun seda, bapak weling dhateng kula makaten: “Ing desa ke­lairanku ana wong wadon tuwa jenenge Narsih. Nadyan dudu sanak dudu ka­dang, anggepen iku kaya wong tuwamu dhewe.” Nalika kula miterang, bapak namung dhawuh: Mesakke, uripe ajeg nandhang prihatin  lan rekasa, mangka ora duwe anak.”

Krungu gunemku mangkono, wong wadon sepuh iku mbrebes mili. Mripate nyawang adoh, kaya lagi ngangen-angen sawiji-wiji. Banjur……….







Tidak ada komentar:

Posting Komentar