Tampilkan postingan dengan label Cerkak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerkak. Tampilkan semua postingan

Rabu, 03 Desember 2014

TINGGALANE BAPAK

Dak etung-etung sedane bapak ki wis rong puluhan taun ke­pungkur. Dumadakan wae aku kok gawang-gawang kelingan dhawuh piwelinge almarhum telung dina sadu­runge seda biyen. Mangka selawase iki aku malah ora tau nggagas, awit ru­mang­saku ora penting.

Dhek semana, nalika bapak wiwit krasa ora kepenak salirane, klekaran ing amben dak tunggoni ing sandhinge, ba­pak ngendika:

“Le, ing desa kelairane Bapak kana, ana wong wadon tuwa jenenge Narsih. Nadyan dudu sanak kadang, anggepen iku kaya wong tuwamu dhewek.”

“Lha wonten napa ta, Pak?” aturku mi­terang marang bapak.

“Ora ana apa-apa, ya mung mesak­ake. Uripe ajeg nandhang prihatin, ke­sra­kat dhasar ora anak-anak pisan.”

Wangsulanku mung cekak: “Inggih”. Sateruse ora tau tak gagas. Nanging du­madakan saiki aku kok gawang-gawang kelingan, sawise rong puluh taun mung­kur.

Aku kok banjur dadi rumangsa salah karo bapak. Luwih rumangsa salah ma­neh yen saiki wonge tetela wis ora ana. Mula aku banjur menyang desa Trucuk, desa kelairane bapakku, nggoleki wong wadon tuwa sing jenenge Narsih.

Sakawit aku rada bingung. Saben wong dak takoni ngaku ora ngerti wong sing jenenge Narsih. Aku banjur nemoni Pak Warsa, wong tuwa ing kono sing umure wis kliwat wolung puluh taun. Kanyata bener dheweke ngerti.

“O, niku ya Arjasasmita, griyane sisih kidul ngrika,” ucape pak Warsa,
“Ngga, kula terke mrika.”

Nalika tekan ing omahe, aku ngu­ngun. Wong iku wis tuwa banget, na­nging isih awas pandulune, isih tegen pangrungune, lan isih jejeg adege. Pak Warsa ndhisiki gunem:

“Yu Arja, kowe ke­lingan Mas Kardi biyen kae pa ora?”

“Ya mesthi keli­ngan ta,” saure wong wadon iku kanthi swa­ra kang isih cetha. “

Ana apa? Mas Kardi rak wis seda, wis su­we banget.”
Pak Warsa nuding aku karo omong:

“Iki anake mas Kar­di, arep duwe atur marang kowe.”

Wong wadon tuwa kang isih awas iku ke­dhep tesmak nya­wang aku. Nuli kawe­tu pitakone:
“Ana apa nak? Ba­pakmu rak wis suwe banget seda?”

“Inggih Bu, sam­pun kalih dasa taun sepriki,” saurku karo rada nyaket lungguh­ku. “Rumiyin, tigang dinten saderengipun seda, bapak weling dhateng kula makaten: “Ing desa ke­lairanku ana wong wadon tuwa jenenge Narsih. Nadyan dudu sanak dudu ka­dang, anggepen iku kaya wong tuwamu dhewe.” Nalika kula miterang, bapak namung dhawuh: Mesakke, uripe ajeg nandhang prihatin  lan rekasa, mangka ora duwe anak.”

Krungu gunemku mangkono, wong wadon sepuh iku mbrebes mili. Mripate nyawang adoh, kaya lagi ngangen-angen sawiji-wiji. Banjur……….







Kamis, 27 November 2014

SAMUDANA

Lagi wae sedhan kinclong warna abang mbranang kuwi nggremet tekan prapatan, dumadakan ke­prungu pating gedebug sikile wong-wong menganggo klambi sarwa ireng. Kaping sepisan krungu swara jumedhuge tuge­lan kayu trembesi ditibakake ngalang-alangi playune sedhan. Wong-wong ku­wi banjur ndhondhogi kaca sedan kanthi kasar. Saking kagete, Pak Surasa sing ana njero mobil  ngerim ndadak. Raine pucet kaya kasatan getih. Durung ilang rasa kagete, wong-wong sing briga-brigi kuwi nyoba mecah kaca sedhan saka njaba.

Lagi wae Pak Surasa arep mbengok njaluk tulung, kedhisikan lambene wis dibungkem tangan kukuh sing kasil nyongkel lawang sedhane.  Lawang se­dhan dibukak kasar. Pak Surasa disendhal metu saka kemudhi banjur dilarak-larak ing petenge wengi. Swara jangkrik ke­pru­ngu maneh nututi sepine wengi ning­galake sedhan kinclong werna abang sing lawange isih menga.

Esuke Rebo bakul mie ayam kang arep kulak sayuran menyang pasar bengok-bengok nggugah tangga tang­gane, “Pak Surasa diculik…!!! Pak Surasa diculik…!!!” Ora nganti limang menit tangga teparone wis padha nglumpuk ana kono. Swarane gemrenggeng kaya tawon antri mlebu glodhogan. Kabeh padha kepengin ngertakne ana kedade­yan apa.

Pulisi padha teka mbatesi sedhan nganggo garis loreng kuning ireng, ngumpulake barang sing bisa dikumpul­ake karo nakoni wong-wong sing ana kono mbok menawa meruhi penculikan mau bengi. Sawise oleh titikan, pulisi banjur ngumpulake wong-wong ing ko­no saperlu dijaluki keterangan bab ilange Pak Surasa.

Jaya sumpel, Karso Cepuk, Pawira Singkat lan Rebo diunggahake pikep di­gawa menyang kantor pulisi.

“Piye mungguh panemumu ngenani sipate Pak Surasa kuwi?” pitakone intel menyang Karso Cepuk sawise tekan kan­tor.

“Ya nek kanggoku blak kotang bae, ora nyenengake. Atase wong neneka mestine duwe suba sita karo tangga te­paro. Apa dupeh dheweke sugih, omahe magrong-magrong, duwe sedhan terus isa sak karepe dhewe? Apa maneh wis bola-bali digiyarake ana TV regional ma­nawa dheweke dadi tersangka korupsi sawijining proyek. Nek wong sing wis cetha korupsi kaya Surasa kuwi  ora ndang diproses dening aparat, apa luput menawa ana wong liya sing mutusi dhe­we?”

Intel kuwi mandeng Karso Cepuk se­dhela banjur…….






YA BEN AKU RAPAPA

Omah cekli madhep ngetan. Pinggir lurung cilik, durung kambon aspal. Pager wesi ireng dikombinasi tembok rupa oranye. Sanajan mapane neng njero desa, cedhak tegal papringan, nanging latare wis dipaving. Rupa abang. Tanduran kembang kaya taman Sri Wedari. Ana kembang mawar, melathi air, sawer­nane anggrek saka Bandung, bogen­vile, sawernane semboja Jepang, tree­color, pulpen, lan eporbia. Wit rambutan rada dhuwur uga neng latar nga­rep. Cedhak kembang-kembang kuwi. Wit rambutan aceh kuwi ketoke wiwit metu pentile. Isih ijo-ijo. Cekake asri!
Mlebu njero kamar tamu ukuran 3 x 4 ing pojok kidul ana kembang ge­lombang cinta diseleh neng ndhuwur meja. Nambahi asrine kahanan. Ing tembok bujur sangkar kuwi pating can­thel pigura. Ana foto pribadhine sing duwe omah. Dipasang neng sisih wetan, rong pigora. Tembok sisih kidul ana gam­bar-gambar seni kayata, ludrug, Reyog Ponorogo, lan langen tayub. Gambar-gambar seni kuwi klebu aliran naturalis.

Tembok sisih kulon ana rong jenis . Sijine gambar vignyet memper wong wa­don nyuling. Kiwane ngono ana wayang kulit. Asli kulit sapi! Prabu Kresna kaa­dhep Abimanyu lan emban. Ing tengahe ana gunugan. Dene sisih elor, ana pigora telu mawa gambar wayang Bayu, Ano­man, lan Werkudara. Nitik anggone dhe­men nata barang seni lan kekembangan mau, nuduhake yen sing duwe omah ndu­­weni jiwa seni.
Lukisan ludrug sing dipasang neng tembok sisih kidul, ndhuwur jendhela, wis tau ditakokne Mas Aryo, kolektor seni lukis. Diregani Rp 3 juta. Nanging durung diwenehake. Ora merga eman,  nanging gambar kuwi sejatine ora duwe nilai seni sing dhuwur. Manut sing nglukis! Yagene ora diwenehake? Sajake sing duwe gambar mau durung butuh dhuwit! Gambar Langen Beksan sisi kiwane uga wis dinyang Mas Muhni Rp 2,5 juta, dhu­wite dicicil ping telu. Uga ora diweneh­ake. Kamangka yen nganti keprungu sing wedok, gambar-gambar kuwi mesthi wis diculake! Dhik Sumo, asli Ponorogo, ketoke iya kepranan karo lukisan Reyog sing dipajang sisih wetane gambar Lu­drug. Dhik Sumo wani ngedhukne dhuwit Rp 6 juta, jreng! Embuh kesengsem karo gambare, apa pancen kemlinthi saploke nyambut gawe neng Jakarta?
“Bisa uga merga ora ngerti seni, beke!” semantane Lik Ganjur, nalika krungu bab kuwi.
“Aja ngono, Lik,” kandhane Usman, sing duwe lukisan-lukisan kuwi ngendhoni.” Ngerti apa ora marang seni, ora masa­lah. Sing baku wis wani nganyang! Te­gese, sithik akeh ngregani seni lan seni­mane!”

Kuwi kandhane karo Lik Ganjur, abene. Sawetara minggu kepungkur. Nalika Lik Ganjur karo bojone ngeteri undangan. Awan, bakda Dhuhur, Pakdhe Jaenal teka. Sawise bage-binage banjur………

MUNG IRAH-IRAHAN

Sawijining sore, Prasojo mlebu toko kelontonge Pak Marno arep golek alteco kanggo nge­lem sepatune kang wis mangap-mangap. Ketemune dheweke malah ke­na semprot, dikrampyang sake­nyoh-kenyohe dening Bu Marno. Ndadak isih karo dituding-tuding ngan­ti kaya arep diculeg-culeg mripa
“Wong ora ngilo githok ki ya kowe, Pras. Bobotmu ki sepira kok arep ngesir Wulan. Mbok nyebut ta, Le…! Kowe kuwi mung anak kuli. Bapakmu, mbokmu ki uripe saka kebon ceng­kehku. Buruh ngundhuh, ngangkut, mepe lan nyortir cengkeh. Ning kok olehmu nranyak, wani-wanine kowe ngglandhang Wulan neng kebon ceng­keh wetan desa kok gawa ing eng­gon sepi. Arep kok apakake Wu­lan, hei?!!”
Omongan kang rasane pedhes, getir, pait, sepet, kecut campur adhuk dadi siji. Ora enak, nganti nyogrok te­lak. Prasojo kaya kethek ditulup. Ora mu­dheng marang omongane Bu Marno. Atine remuk rempu. Naluri kamanungsane kaya gugat-gugata. Ajining dhirine wis diidak-idak Bu Marno ing ngarepane wong akeh. Jer wektu iku wayah nedheng-nedhenge wong-wong padha blanja.
“Piala aja kok wales piala, Pras. Tandu­kana wong kang gawe piala kelawan asih tresna. Elinga, gawe pitenah marang wong becik-becik padha karo ngidoni awang-awang. Kang temahane bakal nyiprat ing raine dhewe,” panglipuring ati nuranine.
Prasojo malih blangkeman. Raine kan­del, nggedebel kadaya rasa isin kang ngum­puk-umpuk. Arep nglungani? Mengko dikira rumangsa nglakoni. Kamangka tena­ne ora. Huh. Salah tingkah! Ora ngira ba­bar pisan. Dumadakan, ing kahanan bi­ngung kudu tumindak kepriye mangkono mau, Prasojo weruh Wulan gidro nyedhak ibune karo kembeng-kembeng mripate. Wong-wong sing ana toko kono padha domblong.
“Ibu! Sampun ngendika ingkang mbo­ten-mboten ngaten. Prasojo menika ing­kang mitulungi kula. Dene ingkang badhe nggonjak kula wekdal nembe ngendhangi kebon cengkeh rikala Rebo sonten menika malah Rujoto. Tujunipun, Pras ingkang nem­be wangsul les saking sekolahanipun, nyumerepi kedadosan menika. Kula dipun tulungi saengga piyambakipun gelut kali­yan Rujoto. Mangga, samenika Rujoto dipun dhatengaken wonten ngriki. Dipun larah perkawisipun!”
Tanpa omong Bu Marno banjur sem­paret lunga. Raine abang ireng, mripate mecuntheng. Mlebu omah mburi, omah kang kanggo kulawarga lan kaya diuncala­ke, sedhela wae Bu Marno wis bali tekan ngarepe Wulan lan Prasojo maneh.
“Iki Rujoto!” ujare Bu Marno santak karo ngathung-ngathungake layang persis ing ngarep mripate Wulan. Sabanjure ing ngarep raine Prasojo kang saya kaya dibe­bingung pikire. Wulan kaya tugu. Nggeget untu. Ambegane diulu. Rasa lan nalare padu. Dahuru!
“Kowe ora usah neka-neka. Wingi Ru­jo­to minggat. Dheweke kisinan jalaran kalah gelut karo Prasojo, bedhes elek sing arep ngrusak kahormatanmu. Elinga, ko­we kuwi ndara putrine Rujoto, Wulan. Dhe­weke rumangsa duwe tanggung jawab marang keslametanmu. Nyoh, iki. Waca­nen layang sing ditinggal. Ayo, diwaca!”


Wulan gurawalan ngranggeh layang saka tangane ibune. Diwaca wekasane layang banjur……