Kala semana…..
Pedhut ireng nggembuleng peteng
Ngemuli jagade kaum wanita
Urip lelimengan jroning pingitan
Tan suwala ….tan bisa nduwa….
tanpa daya…..
Kabrandhat adat… kajiret singset tali
tatanan
Kang mblenggu ati sing karep maju
miwah pepenginan necep seserepan
Kabeh gantha kang mumbul ing angkasa…
mung kandheg ing nala
kala semana….
Wis tumeka wahyaning mangsa kala
Selikur April sewu wolungatus pitungpuluh
sanga
Kartini,…. kang pindha melathi suci
Mijil aneng madyaning taman sari
Thukul… subur kang sekar melathi
Ngambar arum gandane ngebeki bumi pertiwi
Luhuring budi kuncara ing manca nagri
Karana wis kuwawa miyak grumbul pepetenging
putri
mbuncang pedhut lelimengan… ngrubuh tembok
pingitan
Paring pepadhang…. paring sesulang…
nyirnakake panandhang
marang kaume kang nandhang kacingkrangan
Kalane iki….
Ginelar jembar jagade wanita
tan prabeda lan wong priya
Maju bareng padha makarti
Mrih raharjaning nagri
Kalane iki……
Melathi suci kang sentosa ing budi
wis murud ing kasedan jati,
Agung labuh labete marang negari
Kinarya palupi tumrap para putri
Tidak ada komentar:
Posting Komentar