Udan grejeh iki
Aku
ngerti yen sliramu
Ra
bakal bali
Wis
suwe anggonmu ngumbara
Ana
kutha nggoleki cahyaning mbulan
Lan lintang
sing ora tau
Ndhelik
rina lan wengi
Mangertia
dene dununging
Lintangku
ana sajroning rasa atimu
Sapa
ta sak temene sing ditresnani
Pucuking
bun lan sumilire angin
Linggih
ana ing angen-angen
Sing
dadi jantraning uripku
Kadya
layangan pedhot
Melu
playune angin,
Sing
wis dadi pinesthi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar