Paten pinaten antarane trah
Tunggul Ametung lan Ken Arok nembe sidhem nalika Ranggawuni jumeneng nata
Singasari urutan kaping papat (1248-1268). Jejuluk Wisnuwardana, anak
Anusapati iki sasuwene mrentah Singasari kaampingan Ratu Angabaya Mahesa
Cempaka kanthi gelar Narasinghamurti. Kaweden keris mPu Gandring bakal njaluk
tumbal maneh, Wisnuwardana ngutus sawenehe senapati, Mahesa Bungalan nglarung
keris ngelak getih kasebut menyang kawahe Gunung Kampud (Kelud?). Dhasare
pancen vulkanik aktif, ketambahan maneh minangka papan kanggo nglebur keris
kang kebak aura ala, kaya legenda ing ndhuwur, ndadekake Kelud saya medeni
nalika lagi krodha.
Bebaya mau disadhari Hayam
Wuruk. Kitab Negara Kertagama nyritakake, raja gung Majapahit iku asring tedhak
menyang Palah. Sing dimaksudake Palah yaiku kompleks pecandhen sakulone Kelud.
Awit dumunung ana Desa Penataran, Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar,
pecandhen papan palenggahane Syiwa jroning wujud dewa panguwasa gunung iki
banjur luwih populer disebut Candhi Penataran. Ing Palah Hayam Wuruk minangka
titisan Dewa Gunung nindakake upacara pamujan marang Hyang Acalapati murih
negarane luwar saka pangamuke Kelud.
Let sawetara abad Majapahit
akhire runtuh sawise digebug perang Demak. Tradisi ngurmati gunung melu cuthel.
Kasusul taun 1856 Kelud njeblug. Sethithike sepuluhan ewu kawula nemahi tiwas.
Tilas kedhaton krajan Hindhu kang wewengkone ngliputi Nusantara iki jugrug
kapendhem awu lan pasir vulkanik. Semono uga wewangunan-wewangunan liyane,
kalebu Candhi Penataran, ngalami nasib sing padha. Kabudayan Majapahit musna
kanggo salawase.
Mitos liya nyebutake, Kelud
ora bisa dipisahake karo kisahe Dewi Kilisuci. Sekar kedhaton Jenggala Manik
iki kewuhan nulak panglamare Lembu Sura, makhluk gaib asirah sapi sarta Mahesa
Sura kang sirahe arupa kebo. Kepeksa sang dewi api-api njaluk bebana ora
lumrah, gelem digarwa sauger digawekake tlaga loro angganda arum lan amis ing
sapuncake Kelud jrone wektu sewengi. Dudu Mahesa Sura lan Lembu Sura yen ora
keconggah minangkani. Sadurunge jago kluruk penggawene tlaga kelakon rampung.
Jalaran pancen suthik dipek bojo tumrap Kilisuci ora ana maneh cara liya
kajaba ngajap patine para penglamar sing ngayunake dheweke.
Nuruti pamintane sang dewi
Lembu Sura sarta Mahesa Sura ambyur nyilem sajrone tlaga kanggo mbuktekake yen
banyune temen-temen wangi lan amis ambune. Satengahe kekarone nyegur nuli
dikrutuk sarta diblegi watu dening prajurit Jenggala sing wis dikerigake kanthi
sesidheman. Sadurunge nemahi tiwas kawetu sepatane Lembu Sura, ”Entenana
piwalesku, Kediri mbesuk bakale dadi kali, Blitar dadi latar lan Tulungagung
malih kedhung”.
Kasunyatan nuduhake Kediri
dinane iki diliwati aliran sethithike 11 kali gedhe cilik. Ing Tulungagung
tinemu Bendung Wonoreja, lan kawasan kang dumunung ana Blitar ing antarane
kali lan bendung kasebut ibarate kaya latar jembar ngilak-ilak. Apa iki wujud
saka sepatane Lembu Sura sing numusi?
Isih ana keanehan liyane.
Foto semburan material vulkanik nalika Kelud njeblug periode kawuri mbentuk
wewujudan memper sirah raseksa. Iki saya muwuhi keyakinane masyarakat yen
krodhane gunung api aktif kasebut ora liya akibat pangamuke denawa asirah
sapi kasebut.
Bisa
dipahami para pedunung neng gigire Gunung Kelud isih nglestarekake ritus tulakbala.
Warga Desa Sugihwaras kang duwe kajatan mantu, supitan lan lebar panen raya
padha merlokake nyadran menyang pundhen Dhanyangan Mbah Sumber lan Mbah Ringin.
Kajaba kuwi bebarangan karo masyarakat Sugihwaras bebarengan karo warga Desa
Babadan, Pandhantoya, Sempu sarta Ngancar watara taun 2005-nan nyoba nguripake
maneh tradhisi Sesaji Kelud saben 23 Sura. Ujube minangka atur syukur marang
Gusti Allah kang wis paring keslametan lan kemakmuran liwat bumi Kelud kang
subur gemahripah lohjinawi. Lerege, upacara adat sing diregengake maneka
kesenian tradisi iki uga dimaksudake kanggo kepentingan pariwisata. (Pakne
Puri)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar