Senin, 08 Desember 2014

NANGGAP WAYANG WONG KANGGO NGUSIR ROH JAHAT

ING Pucanglaban, Tulungagung, wayang kejaba kanggo hiburan uga kanggo ngusir roh jahat. Tuladhane, yen ana acara bersih desa ing laladan kecamatan kasebut sing mesthi nanggap wayang lan ngruwat nganggo wayang. Mula yen arep ngrembug wayang, kita kudhu njingglengi dhisik modhel omah tradhisional Jawa. Amarga kita bakal ne­mokake perangan-perangan kang kinaran emper, pendhapa, omah mburi, gandhok, senthong, lan perangan kang kinaran “pringgitan”, yaiku perangan kang ngu­bungake (nyambungake) pendhapa karo omah mburi.

Geneya perangan iki kinaran pring­gitan? Mbokmenawa kita saiki wis ora nate ngrembug (mikirake). Pringgitan ya­iku papan kanggo nggelar ringgit. Lan tembung “ringgit” iki yaiku wujud alus (krama) saka tembung “wayang”. Ing basa Jawa alus utawa krama, pagelaran wayang kinaran “ringgitan”. Ing wujud ngoko kinaran “wayangan”. Cethane, nali­ka mbangun omah, wong Jawa wis ndu­weni niyat kanggo nyedhiyani papan mli­gi­­ne kanggo pagelaran wayang. Iki ndu­duh­ake mendahneya kuwate pengaruh wayang ing panguripane wong Jawa. Mula saka iku, saben ana wong Jawa duwe gawe lan ngruwat banjur nanggap wayang. Semono uga nalika ana bersih desa ban­jur diruwat nganggo wayang.
Perlu kawuningan, wayang tumrap masyarakat Jawa ora mung saderma “tontonan” ning uga “tuntunan”. Wayang ora saderma minangka sarana hiburan, ning uga minangka media komunikasi, media penyuluhan lan media pendhi­dhikan. Malah wayang uga minangka wahana pangabdian dhalang. Mula saka iku, nonton pagelaran wayang ora nate waleh nadyan crita lan lakone mung iku-iku wae.

Yen nitik saka upaya ngrembakakake Jawa, fungsi lelorone wayang kasebut, yaiku: fungsi tontonan lan fungsi tuntu­nan, kabeh perlu oleh kawigaten ing pem­binaan wayang. Lelorone perlu tansah dijaga lan ditingkatake kuwalitase  amrih tansah bisa lestari. Sapa wae sing kudu nduweni ku­wajiban njaga? Jawabane yai­ku: sapa wae sing nduweni kesadharan ru­mangsa melu handarbeni seni pewa­yangan iki. Amarga wayang identik karo budaya Jawa, sing nduweni kuwajiban njaga ya banjur identik karo masyarakat Jawa.
Ing Desa Sumberbendo, Kecamatan Pu­canglaban, pemerintah desa wis suwe anggone nandur kesadharan marang ka­beh pamong desa supaya nyadhari yen dheweke ora mung minangka pamong desa ning uga minangka pamong budaya. Mula saka iku, ing desa kasebut banjur lair paguyuban wayang wong Lestari Wi­dada kang lestari nganti saiki.

Kamangka akeh paguyuban wayang wong ing Kabupaten Tulungagung sing wis padha mati, yagene paguyuban wa­yang wong Lestari Widada kok isih urip nganti saiki. Apa merga kadhung cocog karo jenenge Lestari Widada? Apa merga kadhung pener anggone njenangake abang? Ning geneya kok malah kondhang karan wayang Padhas? Apa merga wa­yang wong Lestari Widada kuwi lair ing dhusun Padhas?

Ngrembug wayang wong Lestari Wi­dada saka dhusun Padhas Desa Sum­berbendo, Kecamatan Pucanglaban pan­cen ora uwal saka asma Dimin. Jer bayi Lestari Widada pancen lair saka gagasane seniman panggung kasebut. Mulane dhek taun 1927 banjur nglumpukake warga masyarakat dhusun Padhas sing dhemen karo seni panggung utawa seni pertun­jukan. Nalika iku sing nggabung wiwit bakul lawang nganti bayan.

Miturut katrangan sesepuh wayang Padhas, Bayan Suwadi (75), sadurunge wayang wong Lestari Widada lair sing ana dhisik ing dhusun Padhas ya Andhe-andhe Lumut. Ndilalah ing sawijining dina salah sijine anggota Andhe-andhe Lumut kasebut nemu kuluke Baladewa ing Sala. Nalika iku kapinujon dalane banjir. Anehe, iline banyu ngulon, ning kintire kuluk mau malah ngetan. Mulane banjur dijupuk lan digawa mulih. Bareng ditakokake marang wong tuwa jarene ana sawabe. Sabanjure disimpen ana senthong tengah. Merga kedadeyane wis suwe banjur ora ana sing ngerti babar pisan, sapa sing nemu kuluke Baladewa kasebut? Sing cetha nganti saiki isih ana lan tansah diuri-uri lan diopeni.

Liya dina sawise wayang wong Lestari Widada lair dadak ana kedadeyan aneh. Ana bocah cilik telu padha adus ana papan padusan Belik Citra utawa Belik Ri­ngin. Ndilalah sing siji ndadak kecem­plung belik. Bareng dienteni nganti sete­ngah jam ora njedhul-njedhul. Mulane kancane dadi bingung. Sabanjure wadul marang wong tuwane. Bareng digogoni nganti sakjaman uga ora ketemu. Wong tuwane banjur katut bingung pisan.
Saking bingunge banjur ujar, yen sawayah-wayah anake ketemu isih urip arep ditanggapake wayang Padhas. Ndi­lalah bareng anake ketemu isih diparingi slamet dening Gusti Allah. Ya wiwit kuwi nganti saiki wayang wong Lestari Widada alias wayang Padhas banjur ditanggap kanggo ngluwari ujar lan ngusir roh jahat.

Biyasane sing nanggap wong bakulan oleh rejeki akeh, wong sing dadi pejabat sawise entuk pangkat, wong sing le­lu­ngan menyang luar negeri sawise entuk dhuwit sak truk, wong sing nandhang lara nemen ora mari-mari. Ning uga ana wong sing saben rong taun sepisan mesthi nang­gap. Wong kasebut asmane Slamet (54) warga Desa Demuk. Nganti saiki (2013) wis kaping telu anggone nanggap. Durung suwe iki (pase dhek dina Minggu Pon, 30 Nopember 2013) malah ditang­gap kanggo ngusir roh jahat ing Desa Sumberbendo.
Sing jenenge ngusir roh jahat sing du­we gawe ngusir mesthi wong sa-desa. Mula saka kuwi sing repot uga wong akeh. Mula sadurunge acara ngusir roh jahat diwiwiti, isih esuk uthuk-uthuk (wa­tara jam 7-an) ibu-ibu wis padha ibut nyi­ap­ake ubarampe sesaji kanggo ngusir roh jahat. Ya krana anggone ngusir roh jahat nganggo sarana wayang wong, ubarampe sesaji sing disiyapake ya padha karo ubarampe sesajine wayang wong. Uba­rampe sesajine ana loro, yaiku: ubarampe sesaji kanggo sajen lan ubarampe sesaji kanggo slametan.
Ubarampe sesaji kanggo sajen antara liya yaiku: cok bakal isih endhog, badheg, kemiri, cabe, kunir, kembang boreh, ba­wang brambang, lan dhuwit receh (kli­thik). Gedhang setangkep, beras kuning, kupat luwar, lenga mambu, menyan, lan rokok klobot. Dene ubarampe sesaji kanggo slametan antara liya yaiku: panggang ayam sega gurih, sega golong, sega mule, buceng kuwat, lan jenang abang.

Yen ditanggap dening wong, uba­rampe sesaji kanggo sajen biyasane dideleh ana senthong tengah. Ya krana kanggo ngusir roh jahat, ubarampe sesaji kanggo sajen banjur dideleh ana mburi panggung (geber), ora ana senthong te­ngah. Semono uga ubarampe sesaji kanggo slametan, uga dideleh ana kono. Mung bedane, yen ubarampe sesaji kanggo sajen olehe dipangan yen wis pa­gelaran wayang rampung. Lha yen uba­rampe sesaji kanggo slametan olehe dipangan yen dikajadake lan didongani dening pangarsa (sesepuh) paguyuban wayang wong Lestari Widodo.

Sorene, sadurunge acara ngusir roh jahat diwiwiti bengine, dianakake acara karnaval mubeng desa. Pesertane warga masyarakat lan bocah-bocah sekolah. Ana sing macak dadi wong tani uga ana sing macak nelayan numpak kura. Ana sing reyogan uga ana sing macak wayang wong. Dene ing acara ngusir roh jahat be­ngi iku diwiwiti kanthi jejeran negara Ngamarta. Pandhawa pepak, Kresna lan Baladewa uga ana. Tamune Jaya Anggada saka negara Pancawati. Tujuwane arep nyilih pusaka Payung Tunggul Naga lan Jamus Kalimasada. Dene alasane nyilih, merga negarane kena pageblug.

Adegan ka-2, dumadine perang anta­rane Baladewa lan Jaya Anggada, merga ora disilihi pusaka Payung Tunggal Naga lan Jamus Kalimasada. Bubar kuwi diba­cutake jejeran negara Ngalengka. Dasa­muka, Indrajit, lan Patih Prahastha ngrem­­bug Dewi Sinta kang nitis menyang Dewi Sembadra. Nalika jejeran iki, ing mbu­ri panggung dilaksanakake acara sla­metan kanggo ngusir roh jahat. Sing nga­jadne wektu iku ya Abdul Gani (pangarsa wa­yang wong Lestari Widada). Dene sing murak berkat ya para pemaine wayang wong (dipurak wektu acara gara-gara).

Unike, ing pagelaran wayang wong iki sadurunge ora ana acara gladhen. Kabeh pemain mung dikandhani yen dheweke mengko muni apa ing dhuwur panggung. Sing kapatah ngandhani ya sesepuh wa­yang Padhas.
Lucune maneh, ana salah siji pemaine sing maune lara boyok langsung mari bareng krungu yen wayang Padhas arep ditanggap kanggo ngusir roh jahat. Wong kasebut ngakune jenenge Ngali. Biyasane dhapukan yen ora punakawan ya buta.

Wektu iki ing dhusun Padhas pancen wayahe usume wong sregep-sregepe menyang sawah lan pategalan. Sebab, mangsa udan wektu wis teka. Ya krana saking sregepe, Ngali banjur lara bo­yoken. Merga lara boyoke ora mari-mari, dheweke banjur ujar yen lara boyoke mengko mari arep mayang kanggo ngusir roh jahat. Ndilalah ing dina candhake kok ya mari, mula ing acara ngusir roh jahat kasebut banjur mayang tenan, lan dhapuk kethek biru.

Yen nitik ubarampe sesaji kanggo slametan ana kupat luware mesthi ana sing ujar utawa sing diruwat. Banjur sapa? Yen sing diruwat cetha, kabeh warga Desa Sumberbendo. Lha yen sing ujar, embuh! Sing cetha mantan Kades Sunari Gandos kepilih maneh dadi Kades ing Desa Sumberbendo.

Perlu kawuningan, ya merga ditang­gap kanggo ngluwari ujar utawa ngusir roh jahat kuwi, wayang Padhas saka la­ladan Kecamatan Pucanglaban iki siji-sijine wayang wong ing Kabupaten Tu­lungagung sing isih lestari nganti saiki. Mulane dening masyarakat sakitere dhusun Padhas banjur dikramatake. Mu­lane wayang Padhas banjur katelah wa­yang misteri.

Kejaba iku, ora kabeh wong kuwat nganggo kuluke Baladewa. Mulane banjur digawekake imitasine. Semono uga yen sajene ora pepak utawa kuluke Baladewa sing asli (olehe nemu ing Sala) keri bakal nyengeki anake sing nanggap. Mulane nalika ditanggap kanggo ngusir roh jahat kuluke Baladewa sing asli uga ora lali diselehake ing sandhuwure sajen.

Sadurunge wayang Lestari Widada dipimpin dening Abdul Gani uga wis nate dipimpin dening Dimin, Maidi lan Marsim. Ya merga wayang wong iki wis ngrem­baka nganti turun-temurun, penguruse sing saiki banjur padha ora ngerti. Kapan madege paguyuban wayang wong Lestari Widada alias wayang Padhas kuwi. 



Tidak ada komentar:

Posting Komentar