
Tinilik
sacara nasional, Kakawin Sutasoma bisa disebut minangka karya agung kang
kawentar. Apa sebabe, yaiku pethikan sawijining pupuhe jinupuk minangka
semboyan negara kita, Bhinneka Tunggal Ika. Kakawin iki yasane Mpu Tantular,
lan karampungke udakara ing abad 14 Masehi.
Kakawin
Sutasoma kasusun saka 148 pupuh lan 1209 gatra. Kakawin iki anyaritakake
anitise Sri Jinapati (pandheganing Budha Jina) ing marcapada minangka pangreksa
kantentreman lumawan karaharjan. Panjenengane anjalma mring jiwaning Pangeran
Sutasoma.
Kacarita, Pangeran Sutasoma kang kaprenah
minangka adipati anom ing negari Hastina. Panjenengane kajibah minangka
sesulihing keng rama, yaiku Sri Maharaja Ketu. Ananging, uwal saka pangajap,
Pangeran Sutasoma nulak dhawuh kasebut. Panjenengane luwih kasengsem nggayuh
lelakon ngaurip minangka pandhita ing wana suwung.
Para
kawula Hastina kang ngrungu kabar kasebut samya nandhang dhuhkita. Pungkasan,
para kawula Hastina nyuwun kondur lan kersane Pangeran Sutasoma jumeneng nata
ing negari Hastina. Sakala, trenyuh-luluh atine Pangeran Sutasoma.
Panjenengane kersa kondur kedhaton. Sang Pangeran banjur kapalakramake
kalayan Dewi Candrawati, kang kapetung isih sadhereke.
Nalika
dipandhegani dening Pangeran Sutasoma, negara Hastina dikurmati banget dening
negara-negara sebrang. Sawijining wektu, ana negara sebrang kang nyoba
naklukake Hastina. Negara iku dipandhegani dening Prabu Sudanda.
Eman,
Prabu Sudanda kinasoran kanthi gampang dening Pangeran Sutasoma. Prabu
Sudanda mertobat. Banjur sumedya dhiri minangka siswaning Pangeran Sutasoma.
Sawise iku, Prabu Sudanda salin dharma minangka ratu pandhita.
Ananging,
sanadyan wis madeg minangka ratu pandhita, isih ana kang ngganjel ing atine
Prabu Sudanda. Panjenengane nate janji tumrap Bathara Kala ngaturake Pangeran
Sutasoma minangka labuhaning prasetyane. Amirengake udarasaning Prabu Sudanda
Pangeran Sutasoma ora dadi goreh ing penggalih. Sang pangeran malah ngiklasake
dhirine minangka labuhan kanggo Bathara Kala.
Lan
kang kedaden ora salumrahe. Nalika disuguhake, makaping-kaping Bathara Kala
ora saguh nguntal badhanira sang pangeran. Pranyata, ing anggane Pangeran
Sutasoma mili Tirta Amerta Sari. Bathara Kala sanalika mawas dhiri lan
mertobat. Wasana, kahanane jagad raya malih tentrem.
Minangka
panutuping Kakawin Sutasoma, kacarita Pangeran Sutasoma klawan parameswarine
turun keprabon. Lelorone nyepi sarta ngayahi urip mawa malih laku. Salin
panandhang minangka pandhita ing wukir sepi lan wana suwung.
Kurang
luwih, mangkono reringkesan saka Kakawin Sutasoma. Satemene, isih akeh “carita
sripilan” saka kakawin kasebut, kaya ta nalika Pangeran Sutasoma nalika
nyadharake Gajakawarta, Nagaraja, lan macan wadon saka laku nistha.
Prelu
kauningan bilih kakawin Sutasoma ngemot ajaran rong agama, yaiku Hindhu lan
Budha. Pambuka ing kakawin Sutasoma yaiku atur pakurmatan dhumateng Tritunggal
dewa agama Hindhu, yaiku Brahma, Wisnu, lan Iswara (Siwa). Wondene, kaya kang
wus kauningan sadurunge, kakawin iki nyaritakake panitisane Budha Jina, kang
wus temtu makili ajaran Budha.
Sedawaning
carita ing Kakawin Sutasoma, pancen katuduhake makaping-kaping tumindake
Pangeran Sutasoma kang ngemot ciri Budhistis, saupama ngadhepi mungsuh ora kudu
kanthi ngajurake. Ananging mungsuh iku didadekna mitra banjur dijak
ninggalake kadurjanane.
Saka
katrangan iku, kita bisa njupuk dudutan yaiku Kakawin Sutasoma ngajarake
toleransi. Ajaran toleransi iku katuduhake nalika agama Hindhu lan Budha bisa
lumaku bebarengan kanthi rancag. Pancen, samubarang agama ing bumi iki padha
dene ngormati, ananging apa kang kedaden ing Kakawin Sutasoma kapetung langka.
Iki unike kakawin Sutasoma. Lan kirane sipat unik kang becik iki bisa
ditrepake ing lumakuning uripe manungsa.
Emane, toleransi ing Indonesia kaya-kaya wis
arep dadi barang langka. Ora sithik, wong kang luwih ngutamakake kepentingane
awake dhewe lan nranyak hak-e liyan. Sapa kang luwih kuwat lan kwasa senantyasa
akarep ngwasani lan/utawa ngajurake pehak sangisore. Jumenenging ukum, wis
dudu pathokan kang samesthine. Ukum kang manjilma yaiku pathokaning
wana-raya; hukum rimba.
Bok
menawa, kita prelu sedhela ngungak kawuri. Ngelingi sadurunge negeri iki
mardika, ana barisan-barisan mudha antar-suku kang gelem manunggal,
nyawijikake pikir lan tenagane kanggo raharjaning Nuswantara. Barisan-barisan
saka maneka dhaerah kang winastanan Jong Java, Jong Celebes, Jong Sumatranen
Bond, lan sapanunggalane padha dene asung kabisane ing Sumpah Pemuda II, kang
kalaksanake 28 Oktober 1928, minangka sarana nggayuh kamardikaning bangsa.
Bapak
Proklamator kita, Soekarno-Hatta, minurut carita kang binabar uga ora tansah
sapamikiran. Lelorone kerep sasebrangan pamikirane. Ananging, sanyatane
tetep bisa lumaku bebarengan ngayahi jejibahan minangka wakil rakyat sejati.
Lelakon-lelakon
kasebut menehi kawruh utama yen perbedaan satemene ora prelu dadi prakara.
Ananging, perbedaan kang ana ndadekake bahan kanggo teteg kuwating “rancang
bangun” negara supaya madeg kanthi tata-titi tenrem karta raharja.
Cak
Nun (Emha Ainun Nadjib) nate ngendika yen manungsa iku pancen pinaringan
akarep. Ananing kekarepan bisa dipenging, ora kudu tansah sinembadan. Mula,
sayektine kang karanan toleransi yaiku “ketahanan”, mligine ketahanan ing
babagan akarep. Kekarepan kang bisa gawe dredah kudu disingkirake. Fokus
mring ancasing lelampahan kudu dadi babagan diutamakake. Luwih cethane
ancasing negeri kang karuntutake sajeroning Pancasila.
Karya
sastra, amung suka permodhelan ngaluhur saka uriping manungsa. Hakikate yaiku
minangka pangilon kanggo laku kang wis tinapak. Apa kang winedhar sajerone,
isih bisa ditiru minangka tanggap sasmita supaya urip ora lumaku sacara kliru.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar