Senin, 15 Desember 2014

TERUSNA

Gurit pangkur cinarita
Barsubuhan rasa sih rada arip
Tumuli nerusken turu
Nganti meh byar raina
Tangi turu age-age nyandhak sapu
Nyapu latar pekarangan
Ben katon resik gumrining
Desaku kang rada miring

Saiki,
Kahanan wis rada beda
Desaku wis owah meh kaya kutha
Kebon-kebon rungkut wis padha ditata
Didegi bangunan omah lan pager bata

Mung emane
Adege bangunan malang megung tanpa arah
Mung anut jembar ciyuting lemah
Tata ruwang kurang teliti
Resike lingkungan kurang diperdi
Engga kurang merbawani

Beda dhek jaman semana
Ngancik jaman modernisasi desa
Masyarakat guyub rukun mbangun desa
Dalan ciyut dadi amba
Mendhak-mendhukul longsor jeblog dari rata
Ditatani sela, nadyan prasaja ning miguna

Gethek-gethek omah dilabur padha
Nut dhawuhe kang lagi kuwasa
Sebab ana lomba desa
Mlebu desa dibangun gapura
Cakrik joglo jaman kuna
Gagah mregagah kebak wibawa
Gawok ingkang amriksa
Sung pambagya mring janma kang andon lelana

Gurit pangkur wis meh mungkur
Awit wis rapuh kepangan umur
Nadyan pepenginan isih dhuwur

Wis ora kuwagang reresik latar omah lan dhapur


Tidak ada komentar:

Posting Komentar