Senin, 15 Desember 2014

PLAYUNING ANGIN

Udan grejeh iki
Aku ngerti yen sliramu
Ra bakal bali
Wis suwe anggonmu ngumbara
Ana kutha nggoleki cahyaning mbulan
Lan lintang sing ora tau
Ndhelik rina lan wengi
Mangertia dene dununging
Lintangku ana sajroning rasa atimu
Sapa ta sak temene sing ditresnani
Pucuking bun lan sumilire angin
Linggih ana ing angen-angen
Sing dadi jantraning uripku
Kadya layangan pedhot
Melu playune angin,
Sing wis dadi pinesthi




JLENTREHNA

Jlentrehna….
Apa sing kudu dingapura
Apa sing kudu digatekna
Apa sing kudu dipeksa
Jlentrehna…
Ora ana
Ora bisa
Ora kena
Jlentrehna…
Tulung
Aku pengin ngerti
Apa sajake sing bakal dadi kahanan?
Dhuh Gusti apa merga iki
Kudu ngerti apik eleke
Supaya ora sembrana nglakoni urip
Jlentrehna Gusti…




NERUSAKE CITA-CITANE RA KARTINI

Sadurunge R.A Kartini lahir ing alam padhang iki
wanita tan ana ajine
urip ing ndonya kelunta-lunta kelara-lara
bebasan luwih aji uripe semut lan lemut
bisa nyawang endahing donya kanthi merdika
ana nanging nasibe kaum wanita rikala iku
kadi nasibe godhong garing kang rontog tumiba ing lemah
pating blesar pating blader kasasak amblasah
kapidak kailes kasampar katendhang sawayah-wayah
kadhang mumbul kabur katerak angin gedhe
godhong garing tan bisa suwala
nadyan awak rusak raga bengkah ajur mumur
tan kuwawa nulak kejeming jaman
mangkono lelakone kaum wanita dhek semana

Sadurunge R.A. Kartini lair ing bumi iki
jerit tangise kaum wanita nggeterna dhadha
tumetesing eluh panalangsa nelesi bantala
amarga kaum wanita kasrimpet kajiret adat pingitan
wanita tan kena nyawang ombyake jaman
wanita tan kena mlebu ing pawiyatan
wanita tan kena ngudi kapinteran
jalaran wanita amung mujudake menungsa asor
kang ringkih ala tan ana pigunane
malah rinasa kaum wanita tan pantes urip ing alam ndonya
mula tansah diundamana disiya-siya
yen perlu arep dipendhem urip-uripan
kaya tumindak kejem ing jaman jahiliyah
mangkono rekasane wanita nalika semana

Sawise R.A. Kartini lahir ing donya
putri Jepara iki wani nantang nylenthak adat pingitan
slirane banjur gumregah maju cancut taliwanda
rawe-rawe rantas malang-malang putung
Kartini merjuangake nasibe kaum wanita
Kartini nduweni cita-cita dhuwur lan mulya
ngoncati adat pingitan
nguculi rante wesi kang nggubel kaum putri
siji-siji rante wesi bisa diudhari
wanita nduweni hak kang padha klawan priya
pranyata wanita bisa
pranyata wanita bisa
pranyata wanita bisa
wanita bisa ngudi ilmu ngracik kapinteran
wanita bisa mlebu ing pawiyatan
wanita bisa manggul bedhil maju ing peperangan
wanita bisa mimpin negara apa pemerintahan
kanthi ora lali mring kodrate
minangka biyung pungukuhing bale wisma

Eman…R.A. Kartini enggal katimbalan Gusti
nalika perjuwangane durung tuntas sayekti
mula kaum wanita ing jaman puniki
kang kawentar lumebu ing era globalisasi
ayo enggal gumregah cancut taliwanda
ngadeg mlaku mlayu
ayo mabur dhuwur ing angkasa
ngranggeh lintang napak rembulan
nerusake cita-citane R.A. Kartini




AJA NGAPUSI

Kahanan samangke ora ngilangake wektu semana
Banyu mili ora bakal bali
Panjalukku kabeh ora mesthi kedadeyan
Nelangsa ati iki
Sanadyan ndonya iki mangerteni
Ananging ati ora bisa ngapusi
Paninggalanmu marang kekancanku, ngalahi marang aku
Tuturmu marang wong tuwaku, hangapusi prajanjenmu
Pamirengmu marang tresnaku, katon kelangan panemu
Aja ngapusi!
Mreneya neng sampingku
Cekelen ati iki, tansah tangis kang mili-mili
Ananging
Aku mangerteni tangis iki ora ana ajine
Mreneya, dakrungokake kekarepanmu
Aku tansaya tresna sliramu sanadyanta lara kanggone atiku
Aja ngapusi!
Kandhakana tresnamu, atimu kanggo kekancanku
Lila krasa getih iki
Nanging aku ora bisa ngapusi
Tresnaku kanggo sliramu lila karo kekancanku




KAMPANYE PEMILU

Ngadhepake pileg
Pating tremplek photone para caleg
Jare si dhadhap lan si waru
Photone caleg iku lucu-lucu
Ana sing bagus, aja-aja ambune prengus
Ana sing ayu, aja-aja tutuke mambu
Ana sing luwes, aja-aja mengko marahi mules
Ana sing lemu, aja-aja yen sidhang disambi turu
Ana sing mrengut, aja-aja yen sidhang mung gawe ribut
Si dhadhap lan si waru…..
Bingung milih sing bagus apa sing ayu
Wusanane mung bisa padha ngguyu
Ha..ha..ha..hi..hi..hi…hu..hu..hu
pancen lucu……

Ngadhepake pemilu
Bener kandhane si dhadhap lan si waru
Para caleg ngumbar esem ngumbar guyu
Ing sadhengah papan lan wanci
Ana ing alun-alun apa aneng panti
Ora awan ora bengi
Para caleg padha ngobral janji
Jare arep ngajak rakyat urip mukti

Wektu iki……
Para caleg golek simpati
Kabeh caleg padha ngaku paling mumpuni
Kabeh caleg padha janji ora arep korupsi
Kabeh caleg padha muni
ora arep mentingake dhiri pribadi
Kabeh caleg padha kandha
kepengin bakal mulyakake bangsa lan negara
Si dhadhap lan si waru padha ngguyu…ha ha ha hi hi hi
Jroning atine ana rasa sangga runggi
Iki tenan apa ngapusi…….?
Rakyat cilik ora butuh janji
Nanging…… butuh bukti…!




ANGGERKU.....

Ngger,
Biyung nyuwun ngapura
Ora bisa dadi biyung kang sampurna
Ora bisa nglegakne atimu
Ngger,
Uripku kebak kaluputan
Ngiwa luput, nengen luput
Rumangsaku aku wis manut
Bangun turut karo sing jare winasis
Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputne
Lara atine biyung, ngger
Kepengin crita wae,
Ora enek sing gelem krungu
Apa maneh sambat, mung arep digeguyu
Kabeh wis ora percaya karo biyung
Kabeh ki nyatane ngapusi
Nanging biyung isih tetep percaya, ngger
Mung siji sing ora bakal ngapusi
Gusti Kang Maha Agung




MELATHI SUCI

Kala semana…..
Pedhut ireng nggembuleng peteng
Ngemuli jagade kaum wanita
Urip lelimengan jroning pingitan
Tan suwala ….tan bisa nduwa….
tanpa daya…..
Kabrandhat adat… kajiret singset tali tatanan
Kang mblenggu ati sing karep maju
miwah pepenginan necep seserepan
Kabeh gantha kang mumbul ing angkasa…
mung kandheg ing nala
kala semana….
Wis tumeka wahyaning mangsa kala
Selikur April sewu wolungatus pitungpuluh sanga
Kartini,…. kang pindha melathi suci
Mijil aneng madyaning taman sari
Thukul… subur kang sekar melathi
Ngambar arum gandane ngebeki bumi pertiwi
Luhuring budi kuncara ing manca nagri
Karana wis kuwawa miyak grumbul pepetenging putri
mbuncang pedhut lelimengan… ngrubuh tembok pingitan
Paring pepadhang…. paring sesulang… nyirnakake panandhang
marang kaume kang nandhang kacingkrangan
Kalane iki….
Ginelar jembar jagade wanita
tan prabeda lan wong priya
Maju bareng padha makarti
Mrih raharjaning nagri
Kalane iki……
Melathi suci kang sentosa ing budi
wis murud ing kasedan jati,
Agung labuh labete marang negari
Kinarya palupi tumrap para putri