Sawijining sore,
Prasojo mlebu toko kelontonge Pak Marno arep golek alteco kanggo ngelem
sepatune kang wis mangap-mangap. Ketemune dheweke malah kena semprot,
dikrampyang sakenyoh-kenyohe dening Bu Marno. Ndadak isih karo dituding-tuding
nganti kaya arep diculeg-culeg mripa
“Wong ora ngilo
githok ki ya kowe, Pras. Bobotmu ki sepira kok arep ngesir Wulan. Mbok nyebut
ta, Le…! Kowe kuwi mung anak kuli. Bapakmu, mbokmu ki uripe saka kebon cengkehku.
Buruh ngundhuh, ngangkut, mepe lan nyortir cengkeh. Ning kok olehmu nranyak,
wani-wanine kowe ngglandhang Wulan neng kebon cengkeh wetan desa kok gawa ing
enggon sepi. Arep kok apakake Wulan, hei?!!”
Omongan kang
rasane pedhes, getir, pait, sepet, kecut campur adhuk dadi siji. Ora enak,
nganti nyogrok telak. Prasojo kaya kethek ditulup. Ora mudheng marang omongane
Bu Marno. Atine remuk rempu. Naluri kamanungsane kaya gugat-gugata. Ajining
dhirine wis diidak-idak Bu Marno ing ngarepane wong akeh. Jer wektu iku wayah
nedheng-nedhenge wong-wong padha blanja.
“Piala aja kok
wales piala, Pras. Tandukana wong kang gawe piala kelawan asih tresna. Elinga,
gawe pitenah marang wong becik-becik padha karo ngidoni awang-awang. Kang
temahane bakal nyiprat ing raine dhewe,” panglipuring ati nuranine.
Prasojo malih
blangkeman. Raine kandel, nggedebel kadaya rasa isin kang ngumpuk-umpuk. Arep
nglungani? Mengko dikira rumangsa nglakoni. Kamangka tenane ora. Huh. Salah
tingkah! Ora ngira babar pisan. Dumadakan, ing kahanan bingung kudu tumindak
kepriye mangkono mau, Prasojo weruh Wulan gidro nyedhak ibune karo
kembeng-kembeng mripate. Wong-wong sing ana toko kono padha domblong.
“Ibu! Sampun
ngendika ingkang mboten-mboten ngaten. Prasojo menika ingkang mitulungi kula.
Dene ingkang badhe nggonjak kula wekdal nembe ngendhangi kebon cengkeh rikala
Rebo sonten menika malah Rujoto. Tujunipun, Pras ingkang nembe wangsul les
saking sekolahanipun, nyumerepi kedadosan menika. Kula dipun tulungi saengga
piyambakipun gelut kaliyan Rujoto. Mangga, samenika Rujoto dipun dhatengaken
wonten ngriki. Dipun larah perkawisipun!”
Tanpa omong Bu
Marno banjur semparet lunga. Raine abang ireng, mripate mecuntheng. Mlebu omah
mburi, omah kang kanggo kulawarga lan kaya diuncalake, sedhela wae Bu Marno
wis bali tekan ngarepe Wulan lan Prasojo maneh.
“Iki Rujoto!”
ujare Bu Marno santak karo ngathung-ngathungake layang persis ing ngarep
mripate Wulan. Sabanjure ing ngarep raine Prasojo kang saya kaya dibebingung
pikire. Wulan kaya tugu. Nggeget untu. Ambegane diulu. Rasa lan nalare padu.
Dahuru!
“Kowe ora usah neka-neka. Wingi Rujoto
minggat. Dheweke kisinan jalaran kalah gelut karo Prasojo, bedhes elek sing
arep ngrusak kahormatanmu. Elinga, kowe kuwi ndara putrine Rujoto, Wulan. Dheweke
rumangsa duwe tanggung jawab marang keslametanmu. Nyoh, iki. Wacanen layang
sing ditinggal. Ayo, diwaca!”
Wulan gurawalan
ngranggeh layang saka tangane ibune. Diwaca wekasane layang banjur……
Tidak ada komentar:
Posting Komentar