Wiwit mlebu kuliyah sepisanan, aku wis kesengsem karo sawijining cewek kanca sakelasku. Jenenge Eva, saka Lamongan. Meneng-meneng aku pancen kerep nggatekake dheweke. Sapari polahe ing kelas aku mesthi ngerti. Apa maneh yen wayahe presentasi ing ngarep, bebasan kedhep wae wis ora kober.
Anggonku mendhem rasa iki ora ana kang ngerti. Kancaku cedhak wae uga ora dakcritani. Kuwatirku yen nganti aku crita mesthi kabeh padha ngerti. Aku pengin cedhak dhewe karo dheweke tanpa mak comblang saka kanca-kanca. Mesthi wae aku rumangsa bingung, isin, lan wedi kanggo miwiti kabeh kuwi. Jalaran kanggo nindakake kabeh kuwi kanggoku ora gampang, butuh kuwanenan kang cukup.
Ewa semana akeh banget kang nyedhaki Eva. Wiwit saka Riangga kanca nunggal kelas, nganti Widharma kanca beda kelas. Kabeh kuwi ora ana kang kasil ngepek atine Eva. Nganti wektu kuliyah wis nyedhaki pungkasaning semester, aku isih durung bisa nindakake apa kang dakkarepake. Senajan sesambunganku klawan dheweke lumaku apik, nanging kuwi mung winates kekancan wae. Saka tumindakku uga ora ngatonake yen sejatine aku seneng marang Eva. Ndilalah nalika ana prentah saka pak Karman supaya ngumpulake tugas akhir sacara kelompok, aku sakelompok karo Deni, Sukma lan Eva. Rasane kaya ngimpi wae.
“Eh, Rek, iki yen sumbere buku mung sing biyasane kanggo kuliyah, dakrasa isih kurang,” kandhane Eva miwiti pirembugan.
“Bener kuwi Va. Becike golek wacan menyang perpus. Yen isih kurang mengko neng jalan Semarang pa Blauran ae. Jarene murah-murah,” semaure Deni nambahi panemu.
“Ngono ya kenek,” Sukma melu mangsuli.
Saka pirembugan kelompok ya mung aku wae kang ora nduwe suwara. Kabeh padha medharake panguneg-unege. Rasane pancen aneh yen wis cedhak karo Eva, rasane mung blangkemen wae. Bisa diarani wis salting utawa salah tingkahdhisik. Omong saomong kudu ngati-ati, wedi yen kliru. Yen jare pakar psikologi, apa kang dakrasakake ngene iki klebu rasa jaim, jaga image.
Sesuke nalika arep budhal menyang perpustakaan, ndilalah si Sukma ndadak njaluk digoncengake Deni. Gelem ora gelem aku kudu nggonceng Eva. Antarane seneng len ndhredheg mula campur dadi siji. Ora ana ukara kang kawetu saka lambeku sadawane dalan kampus menyang perpustakaan. Bareng wis tekan perpustakaan wusanane dadi getun. Geneya ana kalodhangan ora dakgunakake samesthine. Tujune nalika golek buku ing jalan Semarang lan Blauran, aku wiwit ngajak ngomong.
Nanging apa kang dakrasakake kuwi ora bisa suwe. Bebasan winih dhele kang lagi thukul wis kesempar angin lesus. Nalika lagi cangkrukan ing warkop Doremi, akeh crita sing dakrungu saka Yoga lan Danang. Kanthi ora sengaja, salah sijine nyritakake ngenani Eva. Manut critane, Eva kuwi wis nduwe pacar ing omahe kana. Malah kawit SMA. Mula kuwi salah sijine sing dadi alasan dheweke ora bisa nampa tresnane Widharma lan Riangga.
“Wah, yen ngono berarti dudu jodhone. Tapi sasuwene iki kok aku ora tau ngerti ya?” mangkono tanggepanku kepengin ngerti luwih jero.
Sawise krungu kabar kuwi aku banjur takok-takok menyang bocah-bocah liyane. Wangsulane uga padha karo kang diomongake Yoga. Arep takok langsung menyang Eva rasane mokal banget. Ati wis semplah kelangan pangarep-arep. Tujune wae anggonku takok-takok mau ora ngundang sujananing bocah-bocah. Tegese anggonku mendhem rasa suwene sasemester iki ora ana kang ngerteni.
“Va, tugase rak dikumpulne pas UAS ta?” ngono pitakonku.
Sabanjure kuwi aku klawan dheweke tansaya akrab. Saben wayah nggarap tugas kelompok mesthi dakkoberake takon utawa dhiskusi. Tugas-tugas saka dhosen kuwi suwene suwe njalari sesambunganku klawan dheweke tansaya raket. Atiku tansaya manteb ndadekake Eva minangka kanca ati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar