Senin, 15 Desember 2014

NERUSAKE CITA-CITANE RA KARTINI

Sadurunge R.A Kartini lahir ing alam padhang iki
wanita tan ana ajine
urip ing ndonya kelunta-lunta kelara-lara
bebasan luwih aji uripe semut lan lemut
bisa nyawang endahing donya kanthi merdika
ana nanging nasibe kaum wanita rikala iku
kadi nasibe godhong garing kang rontog tumiba ing lemah
pating blesar pating blader kasasak amblasah
kapidak kailes kasampar katendhang sawayah-wayah
kadhang mumbul kabur katerak angin gedhe
godhong garing tan bisa suwala
nadyan awak rusak raga bengkah ajur mumur
tan kuwawa nulak kejeming jaman
mangkono lelakone kaum wanita dhek semana

Sadurunge R.A. Kartini lair ing bumi iki
jerit tangise kaum wanita nggeterna dhadha
tumetesing eluh panalangsa nelesi bantala
amarga kaum wanita kasrimpet kajiret adat pingitan
wanita tan kena nyawang ombyake jaman
wanita tan kena mlebu ing pawiyatan
wanita tan kena ngudi kapinteran
jalaran wanita amung mujudake menungsa asor
kang ringkih ala tan ana pigunane
malah rinasa kaum wanita tan pantes urip ing alam ndonya
mula tansah diundamana disiya-siya
yen perlu arep dipendhem urip-uripan
kaya tumindak kejem ing jaman jahiliyah
mangkono rekasane wanita nalika semana

Sawise R.A. Kartini lahir ing donya
putri Jepara iki wani nantang nylenthak adat pingitan
slirane banjur gumregah maju cancut taliwanda
rawe-rawe rantas malang-malang putung
Kartini merjuangake nasibe kaum wanita
Kartini nduweni cita-cita dhuwur lan mulya
ngoncati adat pingitan
nguculi rante wesi kang nggubel kaum putri
siji-siji rante wesi bisa diudhari
wanita nduweni hak kang padha klawan priya
pranyata wanita bisa
pranyata wanita bisa
pranyata wanita bisa
wanita bisa ngudi ilmu ngracik kapinteran
wanita bisa mlebu ing pawiyatan
wanita bisa manggul bedhil maju ing peperangan
wanita bisa mimpin negara apa pemerintahan
kanthi ora lali mring kodrate
minangka biyung pungukuhing bale wisma

Eman…R.A. Kartini enggal katimbalan Gusti
nalika perjuwangane durung tuntas sayekti
mula kaum wanita ing jaman puniki
kang kawentar lumebu ing era globalisasi
ayo enggal gumregah cancut taliwanda
ngadeg mlaku mlayu
ayo mabur dhuwur ing angkasa
ngranggeh lintang napak rembulan
nerusake cita-citane R.A. Kartini




Tidak ada komentar:

Posting Komentar