
Midhanget ature Mirica, Prabu Sumali
gugup panggalihe, enggal-enggal nimbali Mintragna lan liya-liyane para
gegedhunging wadyabala, didhawuhi mepak wadyabala, pinerang dadi rong bregada.
Kang sabregada kadhawuhan nempuh mungsuh ana ing sajaban kutha, kang sabregada
pacak-baris ana ing sakubenge dhatulaya.
Ora kacarita ramening campuhe
wadyabala Ngalengka lumawan wadyabala Lokapala. lng sakawit perange wadyabala
Ngalengka tansah unggul; akeh wadyabala Lokapala kang palastra. Nanging bareng
Prabu Wiisrawana nyalirani perang, wadyabala Ngalengka keseser, kepeksa
ngunduri pangangsege wadyabala Lokapala.
Undure wadyabala Ngalengka nenangi
adrenging panggalihe Resi Wisrawa nedya nyalirani perang. Sawise cancut
taliwanda, Sang Resi tumuli mangsah yuda.
Bareng priksa ingkang rama nyalirani
perang, dukane Prabu Wisrawana kaya diububi. Sang Prabu banget ora sranta
panggalihe, kumudu-kudu enggai bisa midana marang ingkang rama. Awit saka iku,
wadyabalane tumuli diabani sumisih. Wadyabala Lokapala piyak ngiwa-nengen,
satemah Prabu Wisrawana banjur ayun-ayunan karo ingkang rama.
“Bapa awatak slingkuh, kepatuh nletuh
atindak rusuh !” Mangkono panguman-umane Prabu Wisrawana marang ingkang rama,
banjur nglepasake jemparing dahana. Sang Resi prayitna, enggal-enggal
nglepasake Barunastrso rninangka panulaking jemparing dahana.
Nganti suwe perange Resi Wisrawa
lumawan ingkang putra Prabu Danaraja, padha ngadu tyasa arebut prabarwa,
padhadene ngetokake aji kamayan lan pangabaran. Suwe-suwe Prabu Danaraja entek
sabare, kapengin tumuli mungkasi yuda. Awit saka iku, Sang Prabu banjur
ngetokake sanjata pamungkas, yaiku Kunta Baswara. Bareng priksa ingkang putra
ngasta sanjata Kunta Baswara, Resi Wisrawa enggal-enggal ngeremake netra,
panggalihe pasrah-sumarah marang kang murbeng bawana, wis nyipta manawa bakal
tumuli palastra ketaman Kunta Baswara.
Dumadakan mak jleg ! Bathara Narada
tumurun saka antariksa, nyandhak Kunta Baswara kang diasta dening Prabu
Wisrawana karo ngendika :
“Lo, aja ta aja! Aja kaki Prabu, aja!
Sira iku kena ingsun arani kebanjur wuru, parikudu atindak dudu, ndurusi budi
arda nedya mrajaya sudarma. Nadyan silih salah solahe sudarma, putra ora kena
midana. Apa maneh nganti nedya mrajaya
marang bapa, saya ora ndadekake
keparenging dewa. Sanajan saupamane sudarmanira trima nedya sira prajaya, dewa
ora bakal trima. Paribasane : Trimaa sing nglakoni, mangsa trimaa sing momong”.
Wruhanira kaki Prabu! Nadyan sanjatanira Kunta Baswara durung nganti lumepas
saka astanira, sira wis binendon ing dewa, amargo ngagagi sanjata marang liya
iku klebu panggawe dosa, apa maneh marang sudarma. Mangkono uga tindakira
rebutan garwa karo sudarmo, iya ora ndadekake keparenging dewa. Awit saka iku
kaki Prabu, kesluruning tindakira rong warna mau, njalari prajanira Lokapala
ing tembe bakal rinusak dening kadangira dhewe, yaiku atmajane sudarmanira kang
miyos saka putri Ngalengka”.
“Kaki prabu Danaraja! Prayogane sira
tumuli mundura saka rananggana, ngegungna tapa-brata, nalangsaa marang Jawata,
nyuwuna pangapura kesluruning tindahira marang sudarma”
Sawise ngendika mangkono, Bathara
Narada banjur musna. Dene Prabu Wisrawana, ing sapungkure Bathara Narada,
banjur nyembah ingkang rama Resi Wisrawa saka ing kreta Puspaka, banjur kondur
menyang Lokapala kanthi nawung sungkawa, didherekake para wadyabala.
Dewi Sukesi lestari dadi garwane Resi
Wisrawa. Sang Dewi apeputra papat, yaiku : 1. Dasamuka, 2. Kumbakarna, 3.
Sarpakanaka 4. Wibisana
Sabdane Bathara Narada kalakon
temenan. Pamburine praja Lokapala rinusak dening Dasamuka. Prabu Wisrawana
pinulung dening Jawata, wasana banjur asalira dewa peparab Bathara Wisrawana
utawa Bathara Kuwera, dewaning kasugihan utawa rajabrana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar