Minggu, 30 November 2014

SUGENG NDALU

Sugeng ndalu nimas
Kepareng ngaras rikma mawi asmara
Mugia dados dongeng ingkang muspra
Awit sedaya sampun kalajeng kula sambati
Supados ndika kersa mirsani
Raga rapuh menika taksih nggadhahi
Piyandel…ingkang mawa rukmi
Arupi parasapa ingkang mboten sumilak ing janji
Sinaosa kedah kapidara, kula dhepani
Menawi kedah kula ayahi

Sugeng ndalu nimas
Kula pungkasi reroncene menika
Kanthi atur prasaja
Ingkang namung ngegla tanpa busana

Minangka bukti tresna kula dhateng ndika


Tidak ada komentar:

Posting Komentar