Sobat,
dhadhamu kang wis aking
jantungmu kang wis gosong
atimu kang wis arang kranjang
soroting mripatmu wis suwung
uripmu tansah diburu kasepen
kumampul ing pangarep-arep,
ambyar….
Bedhil gagaraning nyawamu jaman perang
Putung mung kari crita
Tinulis ing kertas lungset
wis angel diwaca
jenengmu kasaput ing jaman semrawut
Kowe kesingkur.
Kebulet ing gubelaning kadhuhkitan
Kumambang baita tanpa nakhoda
Sobat, kowe mung kari crita
Tidak ada komentar:
Posting Komentar